JENGKER perkara pasa ambek tekane sasi Ramadhan, wis jamak umat Islam duweni kewajiban nindakake siyam utawa shaum sewulan nutug. Pasa ambek tradhisi lokal kanggone masyarakat Jawa mirunggan Kabupaten Bojonegoro lan sakiwa tengene, duwe gayut mligi klawan tradhisi kang lumaku ing masyarakat. Pasa ora nggur perkara ibadah sawijining agama kewala, nanging kenthel ambek tradhisi lokal sing wis eneng wiwit mbiyen.
Jaman rumuhun, urung eneng anjrahe revolusi teknologi informasi ambek media sosial sarta donyaning digital kaya kang dumadi jaman saiki. Ndhisik wara-wara tekane pasa dirungu saka speker utawa corongan saka mesjid. Mesjid ijek arang-arang, apa meneh langgar utawa mushalla.
Cilikane penulis krungu wara-wara pasa saka radio transisistor lan masjid. Televisi uga urung eneng, lagek taun 80-an siji loro eneng sing nduwe layar kaca kuwi. Nek sakiki wara-wara tekane pasa ambek Ramadhan sadheg-sanyer saka televisi ambek media sosial. Sakiki eneng pengumuman, sakiki uga wis krungu saindhenging Indonesia kepara sakndonya.
Nggugah wong madhang sahur sakiki ogak usah diobraki wis padha ngerti dhewe-dhewe liwat maneka media sing wis canggih kaya dene piranti ponsel kanthi maneka platform, televisi lan liya-liyane. Ora butuh diobraki nganggo bantere swara kaya jaman rumuhun.
Njengker perkara sahur, mbiyen krana winatese sarana utawa media komunikasi njur eneng tradhisi oprak. Oprak kuwi ada-ada nggugah wong turu enggal tangi kanggo dhahar sahur sakurunge imsak teka. Padatan ditindakake bocah-bocah santri nganggo piranti kenthongan dithuthuk mubeng kampung nganggo wirama tartamtu. Wektune antaraning sakjam sakdurunge manjing sembahyang subuh.
Jaman cilikane penulis, oprak sahur mlaku budhal saka masjid utawa langgar ambek nuthuk kenthongan sing digawe saka kethokan pring sak ros. Krana durung ana listrik, salah sicok eneng sing nggawa oncor kanggo duloh dalan njarna cetha lakune. Ndhuk antaraning wirama kenthongan maeng eneng diselingi swara banter:
“Sahur, sahuuuur! Bapak ibu mangga sahur…!?”
Wirama khas kenthongan lan senggakan swara kuwi krungu dumeling saka kadohan. Eneng swara khas kang dirungu endah ing tengahing kahanan sepi tintrim. Sawijining seni tradhisi kang nyawiji kambi rerangken ibadah pasa ing wulan Ramadhan.
Owah-owahan Tradhisi Oprak Minangka Kearifan Lokal
Minangka seni ambek tradhisi pengaji kang nyawiji klawan prastawa atungtum religi, oprak gugah sahur kepetung warisan adiluhung. Wujud “Komunikasi” utawa “interaksi” antaraning santri kawula mudha kang dhemen seni marang masyarakat saktengahing bebrayan. Ing Bojonegoro, nganti warsa 80-an, seni tradhisi oprak kaya wis dadi suguhan utama. Pasa Ramadhan idhentik klawan seni oprak, sawijining seni tradhisi sing ngandhut makna religiusitas. PasaRamadhan krasa ora sampurna tanpa enenge oprak. Oprak sahur kadidene kearifan lokal (local wisdom) wigati dileluri anane, aja nganti cures ilang diuntal jaman cakra manggilingan.
Pitakon kang asring dirungu yakuwi, apa tradhisi oprak isih ana ing jaman akhir iki? Wangsulane beda-beda antaraning wong siji karo wong liyane. Beda dhaerah beda jawabane. Yen kita amati ing wilayah Kabupaten Bojonegoro lan sakupenge, tradhisi oprak ijek eneng nanging wis arang arang.
Sakiki fenomena kang anjrah ndhuk maneka panggonan yaiku anane oprak kang wis dimodhifikasi. Ora mung saderma nuthuk kenthongan kaya mbiyen, nanging nganggo alat sing luwih modhern. Oprak saur jaman saiki ora mlaku nanging nganggo kendharaan, mawa piranti alat musik pentatonik lan diatonik kang swarane mbrebegi lingkungan. Kala mangsane ijek eneng kenthongane, nanging wis akeh sing kaya swarane drum band banter banget nganggo sound horeg.
Apa kanyatan.ngono mau ijek isa diarani oprak sahur, apa parade musik ing parakesuk? Kabeh pandumuk mau mulih marang pemanggihe masyarakat sowang-sowang. Kadhang kita kangen anane oprak sahur sing isih murni nganggo kenthongan kang prasaja.
***








