Wanci ndungkap suruping surya. Wayah sandhekala. Saindhenging Dhusun Glagah Garing kebak pedhut. Hawane semriwing adhem campur ambu wangi menyan diobong. Sakiwatengene dalan sebalan, dalan siji-sijine supaya gage tekan tapel wates Dhusun Glagah Garing wis remeng-remeng. Saka arah galengan tegalan, nerak grumbulan alang-alang, satleraman katon ana pawongan. Samar-samar wewayangane. Mlakune thimik-thimik gendoyoran. Rambut dawane semrawut keterak angin. Sedhela-sedhela wujude malah ilang kebuntel kandele pedhut. Saka kadohan lantunan ayat suci Al-Quran wis keprungu ngelik-ngelik suarane. Nandhaake yen sedhela maneh adzan Magrib bakal ngebaki langit sandhekala.
*
“Uasu tenan bocah ki! Dikon tuku krupuk abangijo ae gak lhang balik-balik! Gak roh sandhekala-sandhekala piye? Opo njaluk dikaploki maneh cah iki!” Amuke Ngatinah karo malangkerik ing tengah lawang pagere omah.
*
Awan iku mendhung putih tumpuk-tumpuk. Yen disawang saka ngisor katon kaya wedhus gembele gunung merapi kang arep mbledhos. Swasana benter. Jan hawane panas banget. Srengengene kaya mudhun nyedhak sakilan. Rahiku kebak kringet pada dleweran.
Aku mlaku alon-alon. Ora isa jejeg. Awakku mbiyat- mbiyut kaya wong mendem toak. Mbayug-mbayug sempoyongan. Aku terus mlangkah, sanajan dlamakan sikil krasa panas merga ora srandhalan. Kawit mulih saka tuku krupuk abangijo ing warunge Dhe Tomblok , aku ngempet rasa ngelak. Tenggorokan garing. Nanging, aku terus mlaku. Krupuk abangijo sakresek gandhul-gandhul tak cengkiwing nganggo tangan kiwo.
Olehku mlaku rada kebat. Kepingin lhang tekan omah. Selak pingin ngombe. Nanging, nalikane tekan dalan gang-gangan, ujug-ujug enek kupu gajah menclok ing lengen tengenku. Warnane irengputih endah banget. Lakuku tak ndheg. Krupuk abangijo tak selehne lemah. Banjur karo ngempet ambegan, alon-alon kupu mau apene tak encup. Nanging, durung nganti driji kiwaku ngencup, kupu gajah wis mabur. Miber mumet-mumet sedhela ing ngarepku banjur menclok ing pucuke alang-alang. Ora adoh saka panggonku ngadeg.
“Uuu…! Uuu…! Uuu…!” Uniku karo nguber kupu gajah. Mlayu gendoyoran. “Eh..eh…. Dag…! Dag…! Dag…!” Grenengku karo nggudhag. Senengen. Ora krasa cangkemku wis kebak iler. Dleweran. Ketes-netes. Mripatku ora kedhep anggonne nyawang kupu gajah ing pucuke alang-alang.
“Eh..eh..eh…. El.. we, PP..Pu,” gunemku karo mlaku thimik-thimik marani. Kupu gajah manggut-manggut katut obahe pucuke alang-alang kang keterak angin. Saya cedhak, ambeganku saya ngos-ngosan. Bareng ape tak encup kupu gajah mabur maneh. Mumeti sandhuwure sirahku, banjur miber rada adoh. Kupu menclok ing godhong menyok garing. Suwiwine menga-mingkup.
Kupu gajah tak gudhag maneh. Atiku tansaya bungah. Aku mlaku mindhik-mindhik marani. Kaya mau. Saya cedhak ambeganku saya prenggosan. “Nek..we, Pu. Nek..we,” grenengku sinambi tangan tengen tak julurake mengarep. Driji tangan wis siap ngencup. Buuur! Kupu gajah mabur. Miber dhuwur. Munggah mudhun. Banjur mabur saya adoh. Terus ora ketok amargo menggok samburine grumbulan glagah.
“Uh..uh..we..pe..ber..ndi, Pu,” gremengku karo cepet-cepet nututi. Muga-muga wae ketemu. Montang-manting playuku sing ora isa banter. Sampek tibo tangi kebleset guludan tegalan. Clingak-clinguk ngubek-ubek grumbulan glagah. Kapeksa tetep ora ketemu. “Pu..Pu..we..ndi, Pu,” bengokku.
*
Telung tahun kepungkur–Darman–bapake Darmini, nekat budhal ing luar negri. Saprelu dadi TKI. Sangang tahun olehe omah-omah karo Ngatinah ora nate ngrasakake bungah. Sabendina Ngatinah pijer murang-muring. Ana wae perkara sing didadekake alasan. Kedadeyan sepele wae digedhekake. Murih dimen cengkrah. Apa maneh sawise duwe anak kang nandhang disabilitas. Patrape garwane ora dadi mari, ning malah tansaya ndadi. Tinimbang ning omah pijer tukarpadu wae karo bojo, luwih becik lunga adoh, ngrubah nasib nyambutgawe dadi TKI ing luar negri, pikire Darman.
*
Sapaninggale Darman, Ngatinah malah bungah. Patrape dadi owah. Ora kaya adate. Dandanane menor. Mlakune tlenak-tlenok macan luwe. Mripate ora bisa meneng yen nyawang wong nggantheng. Kethap-kethip ngemu umpan. Golek gendhakan. Dhuwit kirimane bojone saka luar negri dientekake mung kanggo brahi.
*
“Ndhuk, cah ayu. Bapak tak mergawe dhisik. Sampeyan ing omah karo ibuk. Aja nakal-nakal, ya. Sing manut karo ibuk. Bapak tak golek dhuwit sing uuaakih! Mengko Ninik kepingin tumbas apa? Apa pingin… sepedhah, pingin… klambi, pingin… sepatu. Mengko bapak tumbasne. Gendhuk sing pinter ing omah, ngancani ibuk,” ujare Darman nalika pamit budhal kerja ing luar negri. Ninik Suryanik nangis kiyer-kiyer.
*
“Heh, Nithowong! Apike koe metu omah wae. Timbang ningkene ngrusak acaraku karo ibukmu. Weruh ora koe, raimu njijiki. Medeni wong. Wis lhang minggat kana,” clathune Mukino–gendhakane Ngatinah–karo njangkrakne awake Ninik. Bocah cilik iku dadi tiba dlosoran ing ngarep lawang omah. Brak! Lawang omah ditutup kasar. Banjur Mukino mlebu kamare Ngatinah.
*
Ninik ngempet tangisane. Ndhodhok ndepipis ing mburi omah. Atine gelo banget. Gething karo wong lanang sing kereb gandheng renteng karo ibuke iku. Apa maneh yen kelingan bapake. Batine tambah lara. Mripate saya kebak luh. Pipi kiwa tengenne kang bilur-bilur ngemu getih bekas dipulasara ibuke teles kebes.
*
“Ape ning ngendi, Nik? Sedhela maneh Magrib, Lo. Ayo, mulih bareng pakdhe,” ujare kang Saelan. Sing disapa mung godheg karo mlaku gendoyoran.
Ora let suwe Jaemo liwat. “Ngobati tikus maneh, Mo?” takone kang Saelan.
“Iyo, kang. Parine pada ambruk, je. Nek gak diobati hamane, lak rusak kabeh. Iso-iso ora panen, kang,” saute Jaemo karo ngewur-ewurake racun tikus ing dhuwure pakan umpan. Sawise iku bathang-bathang tikus sing mati kena racun dipendhem ing sapinggire guludan.
*
Awan iku wong lanang sing kereb gandheng renteng karo ibukku wis teka. Kaya adate wong lanang iku langsung njupuk gelas gedhe loro. Es buah sing dibungkus plastik disok. Banjur diselehne ndhuwur meja pinggir kiwa njaba lawang kamare ibukku. Wong lanang iku terus mlebu kamar sinambi mesem.
Aku mlaku thimik-thimik nyedhaki meja. Ambeganku prenggosan. Buntelan kertas ing sakku tak rogoh. Bubuk warna coklat tak jumput. Tutup gelas tak bukak. Bubuk tak cemplungne. Gelas tak tutup. Banjur aku mlaku metu omah karo nggremeng. Nyanyi. *
_____________________
Sarwo Muji, Pandhemen seni lan sastra