Dening: Sarwo Muji
Sore iku Akar Randhu ngadeg ing sapinggiring bengawan. Mripate nyawang kadohan. Dusun Lemah Dhuwur katon beda, adoh kaceke karo limalasan tahun kepungkur. Omah pendhudhuk tansaya kebak, apik, lan modern. Dhempet-dhempetan kaya kompleks perumahan. Nandhakake yen wargane tambah akeh, uga tambah mundhak tingkat ekonomine. Dhusun sebrang Bengawan Kembang iku nalika ditinggal Akar Randhu nyambut gawe ing Yugoslavia, omah-omah isih pathing prenca. Udakara ora genep seket enem omah. Patang puluh limanan kepala keluarga. Kurang luwih telungatusan warga pendhudhuke. Siji mbaka siji Akar Randhu bisa nyebutake jenenge warga dhusun Lemah Dhuwur. “Omah paling sisih kulon, persis sangisore erenge bukit, lawange kang madhep ngidul iku omahe Mbah Wagiyo. Terus etane kasusul omahe Dhe Kromo, Lik Minto, Bayan Kardi, Dhe Sumo lan liya-liyane,” jawabe Akar Randhu nalika ditakoni.
Biyen Akar Randhu kerep mlebu metu dhusun sing kondhang enak panganane yaiku gethuk tela ungu. Eling gethuk tela ungu, atine Akar Randhu dumadakan dadi tratapan! Makplas!
Sakidule Bengawan Kembang yaiku dhusun Lemah Ngisor. Ora beda karo dhusun tangga rakete, Lemah Ngisor uga kondhang–dudu panganan nanging ombenan–yaiku sedhep segere wedang sere. (Biyen ana salahsatunggaling wanodya Lemah Dhuwur yen nalika arane ombenan wedang sere kasebut, atine tansah dhegdhegan! Iku biyen!).
Saka masjid An-Nur mengetan udakara patangpuluhan meter, ana dalan tikus mlebu ngalor ora pati adoh saka kuburan ing sapinggiring bengawan, ana omah cet warna ijo godhong waru iku omahe Mbah Wongso–bapake Akar Randhu. Wis kondhang ing saindhenging dhusun Lemah Ngisor yen Mbah Wongso klebu wong tua kang kolot. Apa maneh yen magepokan karo tradisi leluhure, buyut moyange. Yen wis duwe karep angel elukane. Nemen kakune! Perkara apa wae yen gepok senggol karo kapitayane iku akeh-akehe dadi regejegan. Tukar padu. Mula para warga milih ngalah tinimbang bubrah, tur maneh itung-itung kanggo ngajeni wongtua–amarga Mbah Wongso klebu pinisepuhe desa.
Nanging, ana kedadeyan kang nyala wadi. Ora ana udan ora ana angin idhep-idhep Mbah Wongso menehi ijin putrane kanggo nyambut gawe ing luar negri. Padhahal, ora mung warga Lemah Ngisor ning uga warga Lemah Dhuwur wis ngerteni kabeh yen Mbah Wongso nglarang tenan anggone Akar Randhu kepingin mergawe ing Yugoslavia. Para warga dadi gumun kenek apa saikine kok malah diijinake? Warga-warga dhusun iku bisane mung mbedhek-mbedhek yen Mbah Wongso ngijini amerga pingin medhot tali katresnane putrane karo kembang desane Lemah Dhuwur, putrine Mbah Darmo–musuh bebuyutane.
Ora krasa, idhep-idhep, kurang luwih wis ngancik limalasan tahun anggone Akar Randhu ninggalake tlatah klahirane. Mula nalika dheweke mudhik, pulang kampung, dhadhane rasane kaya diideg-ideg wong akeh. Krasa ampeg amarga kabotan anggone ngempet rasa kangen. Kedadeyan-kedadeyan sing wis kapungkur ujug-ujug padha ambrol. Wewayangane oyok-oyokan kepingin nuduhake eksistensine dhewe-dhewe. Saiki, sore iki, ing sapinggiring Bengawan Kembang, Akar Randhu mung iso ngadeg njegidheg. Mripate mentheleng mandeng tengah-tengahing bengawan sing lagi mundhak nganti peres lemah tegalan. Mandeng banyu coklat butheg iline kang deres, rasa pangrasane dadi ora karu-karuan. Dheweke mung bisa meneng anteng, ngrasakake angin sore sing nggebes nampeki rahine. Saisa-isane dheweke meteg gronjalane ati. Pikirane ngembara ngongkrah-ongkrah kenangan kang wis suwe kapendhem. Mripate dieremake, rada meksa, ning sanadyan mung setleraman wewayangane wanodya sulistya ing warni kang biyen rambute dawane sabangkekan iku tambah nyata ing plupuking mata. Wanita ayu dekik pipine iku nyebarake eseme kang klimis ngemu madu. Akar Randhu ngunjal ambegan gedhe. Rasa kangene tambah ndadi. Rasane ora bisa dikendhalikake, rasa sing sasuwene iki pingin dibuak adoh-adoh saka uripe.
Akar Randhu dadi kelingan, biyen ing ngisor wit flamboyan abang, persis sapinggiring bengawan, ya panggonan sing lagi diambah iki, dheweke asring lungguh jejer karo kembang desane Lemah Dhuwur iku, sinambi tangane ndlesepake gagang kembang suket pentul temanten ing rambute pacangane. “Sri Wedhari….” Ora krasa Akar Randhu nyebut jenenge wanita kang ditresnani iku kanthi gemeter lambene. Mbrebes mili luh ngebaki mripat lan pipine.
***
Nalika iku langit isih kebak pedhut. Srengenge Katon remeng-remeng. Suara ocehane manuk prenjak rame banget, mabur menclok dolanan ing pang ranting garing wit solobin. Ning ngisore wit, saka dalan landhak sing kebak suket alang-alang lan glagah katon wewayangane wong loro lagi playon gudhag-gudhagan ing galengan tegalan. Suara guyune wong loro ngebaki saindhenging sawah tegalan.
“Hihihi… mandheg, Kang, mandheg! Wis, Kang, leren dhisik!” Ujug-ujug Sri Wedhari mandheg jegreg ngendheg playune. Ameh wae Akar Randhu nubruk awake wanodya ayu iku.
“Ana apa, Sri? Kok, awakmu ndadak mandheg?” Pitakone Randhu rada kaget.
Sawatara wektu ora ana jawaban. Swasana dadi sepi. Ocehan manuk prenjak uga mandheg. Semilire angin esuk sing mau seger sribit-sribit ndadak melu mati. Anane mung swara ambegane wong loro, rada menggos-menggos. Ora pati suwe keprungu isek tangise Sri Wedhari. Akar Randhu dadi kaget. Njomblak penggalihe.
“Eh! Ana apa, Sri? Apa salahku, Sri? Aja mung meneng wae, ngomongo, Sri?” Akar Randhu dadi bingung. Pikirane dadi ora karu-karuan.
“Ora, Kang! Ora ana apa apa. Aku dhewe ora ngerti kenek apa? Idhep-idhep wae atiku dadi sumelang. Aku dadi Wedi, Kang!” ujare Sri Wedhari ing sela-selane tangisane sing tambah ngguguk.
Akar Randhu mung bisa meneng. Dirangkul pundhake pacangane iku, sirahe disandharake dhadhane, sinambi dielus-elus rambute. Siji loro kembang solobin padha ceblok ing lemah. Swasana tambah sepi nyenyet.
***
“Ora Sudi! Aku ora sudi besanan karo, Kowe! Dadi tak jaluk anakem aja sampek wani-wani ngambah Lemah Dhuwur. Nek ora…” Mbah Darmo ngendheg bengokane.
“Apa, nek ora kenek apa? Heh, kowe aja macem-macem! Nek sampek anakku kenek apa-apa, aja takok dosa, kowe! Tur maneh, sapa sing sudi besanan karo, kowe. Edan, pa!” Clathune Mbah Wongso gak kalah banter.
“Apa, Kowe ngajak gelut. Lhang majua mrene sida tak antemi tenan, Kowe!” Tantange Mbah Darmo karo tangane malang kerik.
“Apa sing tak wedeni. Keparat tenan, Kowe!” Mbah Wongso mlangkah maju, rahine abang mbranang ora bisa ngempet rasa ngamuke.
Pasar Sapi Lemah Dhuwur dadi tambah rame. Wong-wong sing maune mung bisa ndelok wong loro iku tukar padu dadi ubeg-ubegan. Playon anggone nggandhuli wong tua loro sing arep gelut iku.
***
“Kang Randhu, aku wis ora kuat maneh nandhang sangsaraning ati iki. Apa maneh sampeyan wis adoh ing luar negri. Aku rumangsa yen kang Randhu wis ora tresna maneh karo sri. Buktine sampeyan tega ninggalake aku. Timbangane aku nandhang kasangsaran kaya mangkene, luwih becik aku mati wae, Kang!” Banjur–persis sangisoring wit flamboyan abang– Sriwedhari mbuwang awake nyempung ing njerone banyu Bengawan Kembang.
***
“Kang Wongso, awake dhewe sing salah. Sakjane kita blaka suta wae karo anake dhewe, yen satemene bocah loro iku isih sedulur tunggal bapak ibu. Saikine nek wis enek kedadeyan kaya mangkene awake kita dhewe sing getun. Nanging, kabeh wis kebacut, ora perlu ditangisi. Sing baku kedadeyan iki aja sampek diweruhi Randhu ndisik. Suk yen Randhu wis mulih wae lagi dikandhani,” ujare Mbah Darmo karo ngrangkul pundhake Mbah Wongso sing nangis ngguguk.
Ngrasa dosane tumpuk undhung, tangisane Mbah Wongso tambah ngguguk. Apa maneh kelingan yen ibuke Sri iku biyen pacangane, sadurunge dheweke ngalah Sarti digarwa karo kanca rakete yaiku Mbah Darmo. Nalika samana Sarti wis ngandhut telungsasi sesambungan karo dheweke. Sebalike Sarti uga ngalah Mbah Wongso dadi garwane Maryati kanca rakete. Ing pojokan kamar, Maryati karo Sarti uga padha tetangisan. Sauntara iku ing njaba omah langit mendung, swasana tintrim banget. *
Sarwo Muji, Pandhemen seni lan sastra