Mastumapel
No Result
View All Result
  • Home
  • Bisnis
  • Destinasi
  • Mitos & Sejarah
  • Pendidikan
  • Sastra
  • Sosok
  • Crita
  • Home
  • Bisnis
  • Destinasi
  • Mitos & Sejarah
  • Pendidikan
  • Sastra
  • Sosok
  • Crita
No Result
View All Result
Mastumapel
No Result
View All Result
Home Mitos & Sejarah

Riyayan, Tradhisi Atungtum Nilai Agami

Nono Warnono
20/03/2026
Riyayan, Tradhisi Atungtum Nilai Agami

Ilustrasi by AI

Riyayan, njumput saka tembung “hari” ambek “raya” sing dipirid dadi “riyaya” gayut ambek momen perayaan lebaran sakbare sesasi muput nindakake kewajiban pasa utawa siyam nduk wulan Ramadhan. Riyaya sawijining tradhisi sing ngiringi rasa gumbira, senemg-seneng sakbare ngadani sembahyang idul fitri. Tradhisi khas kearifan lokal (local wisdom) ala Indonesia sing ogak diadani warga muslim nduk manca negara.

Riyayan sing geleg dijuluki “unjung-unjung” dileksanani ambek sanja utawa dolan nduk nggone sanak kadang, tangga, ambek sumitra sawuse shalat idul fitri.

Tradhisi sanjan-sinanjan dening umat Islam maeng, acarane ambek rame-rame silaturahmi genti-genten njaluk ngapura. Nduk desa-desa jaman cilikane penulis eneng sing ngarani “albahal” maksude mbokmenawa arep nyebut halal bi halal.

Nduk adicara riyayan maeng saliyane unjung-unjung ogak katalompen apura-ingapura “atur kaluputan”. Tembung ambek ukara sing khas nduk ritual riyayan maeng antara liya: sugeng riyadin, ngaturaken sedaya kalepatan, nyuwun agunging pangaksami, minal aidzin wal faizin, taqabbalallahu minna waminkum taqabbal ya karim. Wangsulane sing dijaluki sepura: sami-sami, iya cung/ndhuk wong tuwa akeh lupute, utawa wujud donga, ya cung/ndhuk muga muga kasiil cita-cita gegayuhane, cethek jodhone. Malah sing nom-nom nek pethuk pas riyayan mung jengker: lair batin ya, kosong-kosong ya, wangsulane: ya bro padha-padha.

Prastawa riyayan meh saben omah ngrenggani meja tamu ambek jajanan kue khas dina riyayan. Kayadene: kucur, krecek utawa rengginang, reteh, ondhe-ondhe, gemblong utawa jadah, jenang, gapit, kripik menyok, kacang asin, ngantek marning. Ijek eneng sing andum angpao rupa dhuwit anyar nduk bocah-bocah cilik sing mara mertamu saperlu riyayan.

Ngono mau serune acara riyayan jaman rumuhun ing karang padesan, jaman cilikane penulis ing warsa 70-80 an.

Nilai Religi Sajroning Tradhisi Riyayan Biyen lan Saiki

Riyaya minangka perayaan tradhisi AMBEK budaya Indonesia ogak uwal saka prastawa religi sajroning printah pasa ing sasi Ramadhan kang diprintahake Gusti Allah jroning Al-Qur’an Surah Al-Baqarah Ayat 183 kang surasane: “He wong kang padha iman, diwajibake marang sira pasa kaya kang diprentahake marang kaum sadurunge sira supaya sira dadi wong kang taqwa”

Pasa sing wus ditindakake dening kaum muslimin-muslimat dipungkasi klawan shalat idul fitri saben 1 syawal, nduk Indonesia pasca sembahyang idul fitri, masyarakat mbacutake kanthi perayaan lebaran. Riyayan ambek silaturahmi unjung-unjung sambang nduk sanak kadang, tangga ambek para mitra saperlu ajejawat asta sesalaman apura ingapura marang sapepada.

Adicara silaturahmi nelakake rasa welas asih maeng slaras klawan pranatan agami kang mrentahake wigatine sanjan sinanjan, nepung sanak sing sinebut silaturahmi. Ada-ada kasebut jumbuh klawan hadist nabi sing surasane: “Sapa wong kang kepengin dijembarake rejekine lan didawakaie umure, mula becike dheweke nyambung silaturahmi”.

Tradhisi ambek budaya riyayan kanthi silaturahmi minangka warisan (legacy) adi luhung sing tansah dileluri nganti dina iki banget wigati. Sinawang saka pamawas budaya ambek nilai-nilai agami kekarone keplok ancas tuwin tujuan-e, yaiku nyipta kahanan panguripan kang rukun kebak rasa welas asih, kang kuwawa ndadekake bebayan ayem tentrem.

Banjur ing era kebak owah-owahan napak ing kemajuan teknologi digital nduk jagat ratmaya. Dina-dina nalika manungsa ora bisa adoh saka gawai kanthi algoritma kang melok nduk ngarep mripat, apa tradhisi riyayan ijek isa dileluri? Jer ing jaman saiki eneng tandha-tandha, riyayan cukup dianakake ing aras virtual.

Nalika silaturahmi virtual nggenteni riyayan konvensional sacara fisik, tradisi nepung sanak malih nggur lumantar teknologi. Video call, aplikasi Zoom, WhatsApp, utawa Google Meet ndadekake wektu ketemu langsung (adhep-arep) tansaya suda.

Yen wis kaya ngene kahanane, ngalamat riyayan kaya jaman biyen tansaya sepi krana padha pilih riyayan virtual kang koncatan makna. Lodhong-lodhong isi kacang asin ambek marning ndhuwur meja  bakal wutuh ora kepangan.

Sugeng idul fitri 1 Syawal 1447. Nyadhong rumentahing pangaksami.

***

Tags: AgamiIdul FitriRiyayanTradhisi
Previous Post

Review Buku Seporsi Mie Ayam (Pelajaran Kehidupan) Sebelum Mati

DOWNLOAD BULETIN MASTUMAPEL

KONTEN POPULER

Riyayan, Tradhisi Atungtum Nilai Agami

Riyayan, Tradhisi Atungtum Nilai Agami

20/03/2026
Kue Tradisional Apem Khas Megengan, Simbol Tradisi dan Pengharapan

Kue Tradisional Apem Khas Megengan, Simbol Tradisi dan Pengharapan

23/02/2026
Peringati Hari Perempuan Sedunia 2026, AJI Bojonegoro Gelar Aksi Turun Jalan

Peringati Hari Perempuan Sedunia 2026, AJI Bojonegoro Gelar Aksi Turun Jalan

14/03/2026
Perempuan di Titik Nol; Memeringati Hari Perempuan Sedunia 2026 Melalui Sosok Firdaus

Perempuan di Titik Nol; Memeringati Hari Perempuan Sedunia 2026 Melalui Sosok Firdaus

13/03/2026
Posisi Hilal Penentu Awal Syawal 1447 H

Posisi Hilal Penentu Awal Syawal 1447 H

18/03/2026
Ketika Buku Menyebuhkan Luka

Ketika Buku Menyebuhkan Luka

07/03/2026

Mastumapel.com adalah situs berita online yang menyajikan karya jurnalistik dan fokus pada sejarah, seni, budaya, ekonomi, serta sisi-sisi kehidupan masyarakat Bojonegoro.
Alamat email: [email protected]

© 2023 mastumapel.com

  • Tentang & Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Kirim Konten
No Result
View All Result
  • Home
  • Bisnis
  • Destinasi
  • Mitos & Sejarah
  • Pendidikan
  • Sastra
  • Sosok
  • Crita

© 2023