Ndhiluk utawa ndhingkluk ing madyaning bebrayan sasuweni iki diwerdeni minangka patrap kang andhap asor. Kosok balen kambi ndhangak kang ditegesi watak anggak sombong lan gumedhe. Tradhisi budaya Jawa ngudokake kanoman yen cecaturan klawan para wredha kudu netepi patrap andhap asor, kalamun ora bakal tinuding kadidene wong kang ora mbudaya. Ateges ora nglenggahi tata krama kang samesthine. Unggah-ungguh kang dadi sawijining budaya ing bebrayan Jawi. Nadyan saperangan madyarakat ana sing nyurasani sikap ndhingkluk iku pangejawantahe rasa kurang percaya dhiri. Kuwi beda konteks!
Patrap kaya kang ginambarake ing ndhuwur wus tansaya luntur krana kentir ing ajuning jaman kang luwih nengenaken gebyaring materi kadonyan tinimbang ngleluri ajine kaluhuran budaya. Ajune bangsa luwih diukur kanthi parameter onjone dedagangan gedhene profit, gebyare wewangunan, lan cumepake maneka sarana prasarana. Luhure budaya wis kaya dilirwakake, umpama isih ya mung saanane tanpa kupiya kanthi tumemen. Pembangunan sumber daya manungsa (human recources), mligine ing bab budi pekerti, etika norma, udanegara tata krama mung dadi wacana. Normatif digembar-gemborake panguwasa ing maneka level, nanging miskin kaejawantahake.
Ndhingkluk bisa uga dimaknani wujude patrap rasa luput krana tumindak kang datan slaras kambi pranatan utami ing samadyaning bebrayan. Kejodheran colong jupuk, slingkuh, lan tumindak ngiwa liyane. Bisa uga patrap kasoran sawuse kalah prang tandhing, kasoran ing sawijining patembayan, lan sapinunggalane.
Ngakoni rasa luput sejatine dudu patrap kang asor, nanging sifat satriya. Tumindak mulya. Ing bebrayan akhir jaman iki, masyarakat wis kaya ora eling luhure pribadhi kang kersa ngakoni kaluputan. Rumangsa asor yen ngakoni salah ing wilayah publik nyata utawa maya. Gendra antara elite politik uga ora ana sing lila ngaku salah senajan sejatine wis laku luput. Padha kapiadreng rebut bebener senajan tanpa isi.
Wong-wong kang dimulyakake krana jabatan eksekutif, legislatif, tekan yudikatif padha ngengkeng padudon nadyan padha-padha laku korupsi. Ing media mainstream tekan media sosial sasat saben wayah rame wong-wong perang wacana, ora ana sing gelem ngalah apa maneh ngaku salah senadyan tumindak luput. Kabeh gontok-gontokan kanthi sikep ndhangak, ora ana sing ndhingkluk, krana rumangsa asor.
Iba endahe yen bebrayan iki akeh wong sing kagungan patrap tawadhu’ kadidene kapribadhen luhur kang wus langka diprangguli. Negara iki bakal terus umyek sasuwene pribadhi-pribadhi kang ana ora bisa “ndhingkluk” ngemonah ambisi lan harga dhiri. Rasa tentrem iku bisa maujud kalamun samadyaning bebrayan iki ana rasa panglenggana wiwit panguwasa tumekeng drajad kawula.
Ing jaman sarwa digital iki akeh budaya ndhiluk sing kawuryan ing maneka papan. Wiwit tangi turu tumeka mbudhal mapan turu maneh kabeh ajeg ndhingkluk. Ing ngomah, ing papan pakaryan, apa maneh ing warung-warung kopi wifi, kabeh ketungkul ndhingkluk njingglengi gadget sinambi ngedhep kopi. Kadhang gligak-gligik ngguyu karepe dhewe. Ora nggapr kahanan kiwa tengene. Nganti padha ora kasdu sapa aruh kambi wong-wong ing sacedhake.
Budaya ndhiluk mahanani wong-wong suthik interaksi sacara langsung, adhep-adhepan. Luwih seneng komunikasi mawa maneka platform kang ana ing media sosial. Wiwit whatsApp, facebook, instagram, lan sajinise. Ing mushalla lan masjid jama’ah ora betah “ndhingjluk” dzikiran, nderes Al-Qur”an, lan ngrapal kalimah-kalimah thayyibah. Luwih krasan kumpul jama’ah ndhingkluk nderes status utawa unggahan ing aras sosial media.
Jaman cakra manggilingan, peradaban nembe ngalami owah-owahan gedhen. Mahanani uga tata sosial satengahing panguripan. Kecanggihan tehnologi yayah pedhang mata loro. Kepriye pemanggih andika?
Bononegoro, 8 Januari 2025









