Nyebut jeneng Mbah Kramat Dandang kang jeneng asline Syeikh Thohirun Al-Mudri bin Al-Qodri, ora luput saka kupiya nuwuh ngrembakakake ajaran Islam ing tanah Jawi. Anane Mbah Kramat Dandang tinengeran kanthi petilasan wujud makam ing Dhusun Nguluh Desa Gajah Kecamatan Baureno, Kabupaten Bojonegoro Jawa Timur.
Adohe makam mau saka pusat Kabupaten Bojonegoro kurang luwih udakara 30 km. Yen ditempuh nganggo kendaraan butuh waktu antara patang puluh lima menit nganti sakjam suwene. Wondene yen diukur jarak saka Pasar Babat Lamongan menyang lokasi petilasan mau udakara 3 kilometer. Menawa dilaju mawa kendaraan pribadhi mung butuh wektu kurang luwih 5 menit.
Pernahe lokasi makam Mbah Kramat Dandang luwih cedhak karo perbatasan Kabupaten Lamongan ing sisih wetan, katandhing karo kutha Bojonegoro. Mung sakilometer saka tugu perbatasan, banjur turut dalan makadam sakilometer arah lor kulon ing dhusun Nguluh Desa Gajah ing tengah pesawahan.
Makam mau uga manggon ing tapel wates wilayah liyane, yaiku sisih lor tapel wates dhusun Sekalang, desa Kalisari, wondene tembing kulon tapel wates Desa Gunungsari Kecamatan Baureno. Lan sebelah wetan ana tapel wates desa Banaran Kecamatan Babat Kabupaten Lamongan.
Ora ana sumber literatur kang nyethakake sejarah kiprahe Mbah Kramat Dandang ing Desa Gajah Kecamatan Baureno Bojonegoro. Sing dadi tandha peninggalan sejarah mau mung petilasan makam Mbah Kramat Dandang ing tengah pesawahan.
Sumber liyane kang ana mung rupa crita lisan turun temurun saka para sesepuh wiwit kuna makuna. Crita rakyat kang sacara lisan wus dikaweruhi masyarakat Bojonegoro sisih wetan lan saindhenge.
Esuk iku nalika penulis ziaroh ing papan petilasan kono, katon bangunan makam kang wus dipugar dening pemerintah Desa Gajah. Isih ana kembang sumawur ing kijing makam, ateges durung suwe ana peziarah kang teka nyekar saperlu umbul donga tuwin nelakake seja kajat kang disedya.
Manut Mbah Jumanto, kang esuk iku macul sawah ing kidul makam, banjur sawetara leren nalika diprepegi penulis disuwuni crita. Simbah kang wus sepuh nanging isih katon prakosa iku ora kabotan diajak wawancara ngenani sejarah anane makam Mbah Kramat Dandang utawa Syekh Thohirun Al-Mudri.
Dicritakake ana sawijining ngulama saka Timur Tengah kang sesarengan pendhereke arsa dakwah ajaran Islam ing tanah Jawi. Nalika semana ing tanah Jawa, kerajaan Majapahit nembe kuncara diemban dening raja kang sepisanan kang kasusra.
Kairing lumakune wektu, Syekh Thohirun Al-Mudri bin Syekh Abdullah Al-Qodri pepanggihan kambi salah siji keturunan keluarga raja, aran Nyai Ngatipah kang uga dijuluki Nyai Gundari Dewi binti Raden Gajanto. Suwening suwe sesambungan mau tundhone banjur diiket kanthi ngadani upacara ningkahan apalakrama.
Ana tandha pitakon gedhe, apa jaman iku masyarakat kerajaan Majapahit wis ngrasuk agama Islam? Jer sing dikaweruhi dening ngakeh Majapahit iku aciri Hindu-Budha.
Miturut Kepala Bidang Pengumpulan dan Pengkajian Musium Nasional, Tri Gangga, kandha yen jaman Majapahit wis ana alat tukar wujud dhuwit “kepeng” lan “gobog” kanthi kalimat syahadat tulisan hurup Arab. Bisa wae rikala semana, dhuwit mau kanggo alat tukar lan jimat sarta kupiya kanggo nyebar agama Islam.
Jer sejatine jaman kerajaan Majapahit agama Islam wis suwe mlebu. Agama saka tanah Arab iku disengguh wiwit mlebu Nusantara ing abad ka-7. Tinengeran ing Gresik ana makam Islam sing duwe angka taun 1082. Tegese Islam wis ana ing Tanah Jawa adoh sadurunge Majapahit madeg.

Dakwah Ajaran Islam Kanthi Singlon Dadi Kundhi
Dicritakake, anggone dakwah waliullah Syekh Tohirun Al-Mudri nalika semana rada aneh, jalaran namur laku dadi kundhi, tukang gawe dandang. Perkakas dandang mau ora didol kaya apa mesthine, nanging diwenehake sapa wae sing gelem maca syahadat. Ashadu allaa ilaa haillallah. Waashadu anna Muhammadar Rasulullah.
Warga masyarakat akeh sing ketarik marang modhel dakwahe Syekh Tohirun Al-Mudri, sahengga dening masyarakat lan pendhereke dijuluki asma Mbah Kramat Dandang. Dandang njupuk saka penggaweane gawe piranti masak wujud dandang. Kramat njumput saka papan kang dipanggoni isih angker. Papan panggonan kang dening masyarakat diwerdeni kramat. Ora saben wong wani njamah wilayah kono.
Anggone syiar ajaran Islam wiwit isih durung dikenal nganti akeh santri lan pendhereke sing setya tuhu, lan datan katalompen tansah diampingi dening sisihane aran Nyi Ngatipah. Anggone ndhampingi dakwah ajaran Islam mau nganti seda. Semono uga sasurute Syekh Tohirun Al-Mudri jisime dipetak ing sandhinge garwane mau. Kekarone dikubur saenggon (beda luweng) ing papan kono dening para pendhereke sing tan kendhat nerusake dakwahe. Makam kang isih ana nganti saiki disebut Makam Mbah Kramat Dandang lan Nyai Gundari Dewi binti Raden Gajanto.
Liya dina penulis manggihi juru kunci makam, Kiai Supriyadi (Ketua PRNU Gajah) kang kagungan sarasilah kekarone Nyai Ngatipah utawa Nyai Gundari Dewi binti Raden Gajanto, kang isih keturunan raja Majapahit sepisanan, Raden Wijaya kang jejuluk Sri Kertajasa Jayawardhana (1293-1309). Uga nasab keturunan Syekh Thohirun Al Mudri keturunan generasi kaping 24 saka sarasilah Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Isih manut katrangan saka juru kunci makam, kanggo ngleluri perjuangan Mbah Kramat Dandang ing ndalem ngleluri dakwah Islam sacara ajeg dianakake pengetan haul saben taun.
Syekh Thohirun klebu salah siji waliullah kang dakwah nuwuh ngrembakake ajaran Islam, kang rikala jaman semana isih arang-arang sing tepung ajaran tauhid. Dakwah diikhtiyarake nganti sempulur tekan ngendi-endi lan akeh pendhereke.
Adeg Komplek Makam lan Joglo Gajah
Wondene miturut H.Totok Kasun Nguluh kang antuk amanah saka Kiai Nawawi Jenu Tuban supaya ngemonah makam kanthi becik. Aweh crita nganti taun 2000 papan kono isih diadani wayangan lan doa bersama. Sapungkure dheweke sowan bebarengan Kiai Iskandar lan kades Wahyudi, antuk amanah supaya nglestarekake makam wong alim mau. Kepara Kiai Nawawi pribadhi ndherek hadir ziaroh ing lokasi makam lan miwiti paring tetenger papan bangunan joglo.
Wektu iki H.Totok isih sengkud ngrampungake joglo ingaran Joglo Panembahan kang ndhisik dadi pesanggrahan papan kumpul syeikh lan pendhereke, kang mbiyen uga dadi papan semedi.
Nalika ditakoni penulis ngenani asal muasale anggone mbangun joglo mau, H.Totok kandha jalaran asring diimpeni. Ditekani kaki-kaki sepuh nganggo sorban lan jubah putih. Asung sasmita anane papan mligi kang mbiyen dadi papan panembahan. Manggon ana ing tanah rungkud pancere Makam Syeikh Thohirun Al Mudri mau. Mula sawise sowan Kiai Nawawi ing Tuban enggal dibangun Joglo Gajah mau.









