Pengetan wengi Nisfu Sya’ban jroning tradhisi Jawa umume disebut Ruwahan. Tradhisi iki ditindakake ing sasi Ruwah (Sya’ban) kanggo ndedonga marang arwah leluhur, reresik makam, lan asring diisi kanthi kenduri sarta dum-duman kue apem minangka simbol panyuwunan ngapura. Uga kalodhangan kanggo sambang tangga lan sanak kadang kanthi kirim maneka panganan. Nisfu Sya’ban lan Ruwahan ngandhut nilai-nilai keislaman lan kearifan lokal (local wisdom)
Diarani Ruwahan (saka tembung arwah). Ritual kang ditindakake yaiku ziarah kubur (nyekar ing kuburan), kenduri/sedekah panganan, lan maca surat yasin utawa tahlil bebarengan.
Wondene ancas lan tujuan tradhisi kasebut kanggo ngluhurake lan kirim donga marang para leluhur kang wus luwih dhisik mangayun ing ngarsane Allah SWT. Sawijining pakurmatan mirunggan sadurungi mlebu ing wulan suci Ramadhan. Tradhisi iki ngleluri tinggalane para penyebar agama Islam ing Tanah Jawa, ing kono budaya lokal kang adiluhung manunggal klawan ajaran Islam kang luhur.
Parandene tradhisi Megengan yaiku upacara adat masyarakat Jawa kanggo mrepegi tekane wulan suci Ramadhan. Megengan asal saka tembung “megeng” (menahan/ngempet) hawa nafsu sakdurunge pasa, utawa ngadhepi sasi Ramadhan. Tradhisi iki dianakake kanthi donga bebarengan. Ngulemi tangga kanan kering lan sanak kadang ngumpul ing omahe sing ngundang. Uga ana sing ngadani ing langgar utawa masjid kanthi ngumpulake takir berkat utawa ambeng. Ora katalompen anane tahlilan, lan nyenyuwun ngapura sarta nyiapake dhiri sacara spiritual.
Titikan wigati tradhisi Megengan yaiku, padatan dianakake ing minggu pungkasan sasi Sya’ban (Ruwah) sadurunge tumapak ing wulan pasa. Panganan wajib ing tradhisi kasebut yaiku apem, kang dadi simbol pangapura (saka basa Arab afwun) lan reresik dhiri.
Ada-ada iki meh sairip karo tradhisi Nisfu Sya’ban. Yaiku nyekar (ziarah kubur), umbul donga bebarengan, tahlilan, lan sedekah panganan (ambengan) marang tangga teparo. Klawan ancas, minangka wujud syukur, ngajeni tekane Ramadhan, lan nyiapake mental kanggo ibadah siyam.
Ngleluri Tradhisi Kadidene Akulturasi Budaya
Agama ageming aji, sawijining gegebengan yen pituduh dalan tumuju Pangeran kuwi klawan sarengat agama. Agama kang mangaribawani budaya kang wus mbalung sungsum marang kawula. Budaya iku pambudidaya amrihing manungsa saben muna-muni sakecap, tindak-tanduk sapecak, tansah linambaran nilai-nilai agama. Sahingga lumantar tradhisi Megengan lan Nisfu Sya’ban minangka akulturasi budaya Jawa lan nilai-nilai Islam. Ing rumuhun para waliullah, mirunggan para Wali Sanga anggone dakwah Islam lumantar tradhisi lan budaya. Pesen-pesen wigati ngenani keimananlan sarengat Islam, disipake sajroning seni budaya masyarakat. Saengga masyarakat ora krasa dipeksa percaya lan tumindak nut tuntunan anyar.
Kairing lakune jaman kang cakra manggilingan, mobah-mosik, owah gingsir nut jaman kelakone. Tradhisi adat Megengan lan Nisfu Sya’ban tansaya jembar tebane ing ndalem masyarakat Islam lan budaya Jawa. Lire, beda-beda “kemasan” ritual kang diadani nanging anjoging padha yaiku pakurmatan praptane sasi Ramadhan kanthi ngluhurake arwah nimpuna kang wus surud ing kasedan jati.
Kanggone pangrasuk Islam tradhisional utawa “Islam Nusantara” tradhisi mau digathukake karo hadits utawa maqalah pemanggih-e para ngulama rumuhun, utawa ulama salaf. Rerangken acara diadani tanggal 15 sasi Sya’ban dirantam luwih Islami kanthi kegiatan utama nglimputii pasa sunnah, ngakehake donga lan istighfar, maca Al-Qur’an (utamane Surat Yasin), sarta shalat sunnah, minangka wujud persiapan spiritual lan panyuwunan ampunan sadurunge wulan Ramadhan teka. Ritual kang ditengenake yaiku pasa ing tengahing sasi sawuse bengine ngakehake maneka ritual ibadah.
Ing kalodhangan kasebut umat Islam dianjurake nguripake wengi (qiyamul lail) kanthi shalat sunnah (tahajud, hajat, tasbih), zikir, kan maca shalawat. Ana kang nengenake maca Surat Yasin kaping telu, kanthi niat wacan sepisan nyuwun panjang yuswa ing ndalem ketaatan. Wacan Surat Yasin kaping pindho, linandhesan niat jembar rejeki lan disingkirake sakehing balak. Wondene wacan kaping telu umiring niat diteguhake iman lan mangayun Allah klawan kahanan kang husnul khatimah.
Rerangken acara sadurunge paripurna, umbul donga mirunggan (khusus) Nisfu Syaban. Nyuwun ampunan lan muhasabah jroning wengi kang diyakini minangka momentum mudhune rahmat lan pengampunan Allah, sahingga dadi kalodhangan muhasabah (introspeksi diri/ mawas dhiri) lan mbeciki interaksi sapepadha manungsa (hablum minannas) lan nyedhak marang Allah (taqarrub ilallah).
Ing kene bisa dijumput dudutan, yen antaraning tradhisi adiluhung bebrayan Jawa karo nilai Islam Nusantara iku ora sesingkuran (tidak berlawanan). Kepara genti-genten njangkepi kareben dadi bebrayan kang kebak bedhamen, guyub rukun tumuju rahmatan lil’alamin.
Wabakdu, ing tradhisi mirunggan iki, rasa toleransi luwih ditengenake. Ora gampang nuding sasama pangrasuk Islam kanthi pandumuk bid’ah lan kurofat.
Sugeng methuk sasi Ramadhan 1447 H, mugi kita ginanjar dadi wong kang muttaqin.Aamiin.
***








