Mastumapel
No Result
View All Result
  • Home
  • Bisnis
  • Destinasi
  • Mitos & Sejarah
  • Pendidikan
  • Sastra
  • Sosok
  • Crita
  • Home
  • Bisnis
  • Destinasi
  • Mitos & Sejarah
  • Pendidikan
  • Sastra
  • Sosok
  • Crita
No Result
View All Result
Mastumapel
No Result
View All Result
Home Sastra

Crita Cekak Jonegoroan Dening Sarwo Muji: Mak Jenthit

Redaksi
25/08/2024
Crita Cekak Jonegoroan Dening Sarwo Muji: Mak Jenthit

Dening : Sarwo Muji

Dhusun Blarak Biru lagi umyek. Ning papan panggonan ngendi wae padha gemrembyeng. Wiwit warung kopi, pasar krempyeng, sawah tegalan, gerdhu kamling, dalan guludan, nganti tekan serambine masjid dadi ajang dol tinuku omongan. Kaya kena wabah. Kabeh dadi latah. Wiwit bocah-bocah, prawan-randha, jaka-dudha, tua-mudha dumadakan dadi sregep ngumbar omongan. Rasan-rasan. Temane ora beda. Seragam.

Kabeh gara-gara kabar angin. Kabar sing ora diweruhi sapa kang sepisanan nyebarake. Idep-idep wartane wis ambyar. Ujug-ujug beritane wis sumebar. Saindhenging kampung dadi rame. Kabar sing mungguhing wong kampung iku kabar kang merak ati. Sadhar ora sadhar kabeh kepincut. Padha katut anut grubyug.

“Di, koe wis krungu durung kabar sing anyar gris? Paling-paling koe gung weruh,” ujare Samino karo angop. Banjur nyruput kopine. Merem-melek mripate.

“Kk… kabar ap..ap..apa ta, Min? Kk..ketoke pp..penting tenan?” Saute Paidi gagap. Lambene katon nylungir-nylungir. Untune sing sak pethel-pethel gedhene malah tansaya narsis.

“Hehehe…. Sik ta ya. Sabar dhisik. Kopinem diuyup dhisik. Selak adem. Engko dadi gak sueger,” clathune Samino cengengesan. Driji kiwane ureg-ureg bolote kuping. Gatelen.

Ora butuh diprintah maneh, Paidi banjur ngguyup kopine. Cangkeme tambah mecucu. Melat-melet. Gaber-gaber kepanasen. “Ww..Wis ndang kandha ta, Min.” Paidi sajake uwis penasaran banget. Kepangan gunemane Samino sing kondhang pinter maesi omongan dimen narik ati.

Samino mesem semar mendem. Gedheg-gedheg sirahe. Marem yen omongane wis gawe kancane dlongap-dlongop. “Dadi ngene, Di…” Samino meneng sedhela–njarak –karo mlerok nengen. Nglirik Paidi kang katon ngowoh karo matane mlorok. Tandha yen migatekake tenan.

“Nd..nd..ndang ta, Min, di..di..dibacutake critanem kui,” clathune Paidi. Tangan kiwane nablek pundhake Samino. Gregeten.

Sing ditablek malah nguyu ngekek, “Kek..kek..kek.. sabar, Di, sabar. Iya..iya..tak bacutake critaku. Ning, ngertenana satemene iki rahasia. Nek pingin ngerti… nek pingin weruh… sakjane koe kudu mbayar dhisik,” ujare Samino nggodha Paidi dimen tambah mulat-mulet saking mangkele.

“Tt..tt..tega tenan koe, Min! Karo bala dhewe mb..mb..mbok kon mbayar. Kk..kk..koe ngono, Min.” Paidi kukur-kukur sirahe sing ora gatel.

“Kak..kak..kak..,” guyune Samino kemekelen. “Wis..wis.., Di. Aja nesu. Praupanem mundhak ilang ganthenge.” Samino ngunjal ambegan sedhela banjur mbacutake gunemane, “Dadi ngene…”

“Ss..ss..Sik, Min. Kk..kawit mau gunemanem mbulet wae. Dd..doda-dadi ning kapan dadine!” Clathune Paidi medhot omongan. Saya gregeten.

“Yen ngono sida crita ora iki? Nek ora, aku tak budhal nok tegal,” grenenge Samino karo ngempet ngguyune.

“Ss..ss..sida, Min, sida. Aa..aa..aja mutung ngono ta, Min. Mengko kopinem ak..aku sing mbayari,” saute Paidi ngrimuk atine Samino.

“Ya wis nek ngono. Dadi nge…”

“Artise wis tekaaa…! Artise wis tekaaa…! Dumadakan keprungu suara bengak-bengok saka dalan. Katon wong lanang mlayu sipatkuping tumuju ning warung kopine Mbah Goni.

“Artise wis teka, kang! Artise wis teka!” Bengoke Wakidin. Ambegane krenggosan.

“Sik..sik..leren dhisik, Din. Napasem diatur dhisik. Aja bengak-bengok kaya wong kesambet,” clathune Samino ngawasi tingkahe Wakidin sing mobat-mabit.

“Ii..ii..iya, Din. Ss..sareh dhisik.” Paidi melu nenangake karo kukur-kukur sikute.

“Wis tenang koe, Din? Yen wis, saiki kandha sing jelas. Alon-alon wae. Enek apa kok dadakan koe mlayu karo bengak-bengok?” Takone Samino alus dimen Wakidin katut tenang atine.

Wakidin nata ambegan sedhela. Mengkis-mengkis.  Banjur ngomong, “DADI NGENE…”

“Halah!” Samino karo Paidi nggeblag bareng.

*

Pendhapa desa wis kebak wong. Kabar yen artise bakal teka dadi viral. Pendhudhuk Blarak Biru wis bleg tumpleg ning platarane pendhapa desa. Praupane wong-wong katon sumringah. Klimis-klimis banjir kringet. Hansip-hansip kuwalahan nertipake wong-wong sing padha dheseg-dhesegan. Kabeh wong kepingin manggon ning ngarep. Akibate, plataran pendhapa desa dadi ora kamot.

*

Mula bukane kondhange Mak Jenthit. Satemene Mak Jenthit dudu arane sing asli. Sukma Wangi asma sing diparingake wong tuane. Bapake mung buruh serabutan. Pria kang dhek jaman nom-nomane biyen iki, dadi rebutane prawan-prawan desa. Randu Putih–bapake Sukma Wangi–janjane pinter tetandur. Sregep nyambut gawe. Kondhang bagus bebudene. Ananging yuswane cekak. Wis tilar donya nalika Sukma Wangi lagi umur wolung tahun.

Ibuke Sukma Wangi–Rukmini–mung buruh adang lan umbah-umbah. Wanodya kang biyen dadi kembang desa iki mung urip sakloron karo putrine. Rukmini kelawan Sukma Wangi manggon omah tinggalane wong tuane sing kekarone wis bali ning alam kalanggengan. Sanajan urip sangsara, Rukmini ora mung banjur pasrah bongkokan. Ora mung meneng wae nrima nasib. Niba tangi golek sandhang pangan tetep dilakoni kanti ikhlas. Lela legawa anampi peparinge Gusti. Nanging nalika Sukma Wangi kelas lima SD, Rukmini gerah madarane. Ora suwe anggone nandhang lara, pungkasane nyawane ora bisa dislametake. Rukmini nyusul garwane, bali ning ngarsaning Gusti Alloh.

Dadi bocah yatim piatu, Sukma Wangi banjur dipupu dadi putrane Suminten. Adhike bapake iku ayu banget. Klebu dadi kembang desa. Bulike Sukma Wangi iki penyanyi dhangdhut sing kondhang kaloka. Tanggapane mrana-mrene nganti nolak-nolak, amarga tempuk, ora bisa ngayahi. Suminten isih legan. Akeh pria padha ngajak bebrayan. Ora mung dudha sugih bandha donya, uga sing isih jaka bagus ing warna, kabeh padha ditolak alus. “Aku durung pingin omah-omah. Aku isih pingin nggedekake anakku,” wangsulane nalikane ditakoni kanca lan tangga teparone.

Sukma Wangi digulawentah kanti kebak welas asih. Apa wae sing dadi kaperluane wis cemawis. Ora ana sing kurang lan nguciwani. Niatane Suminten bakal nyekolahake anake iku sakdhuwur-dhuwure. Dheweke duweni panggayuh supaya anake iku dimen bisa dadi wong pinter lan apik budi pakartine. Mulya uripe. Bisa ngangkat dhuwur mendem jero asmane wong tuane.

Tresnane Suminten karo putrine iku, tambah dina tambah tahun, tansaya malah ngrembaka. Apa maneh ngaweruhi yen Sukma Wangi tuwuh dadi putri kang ayune kadya widadari sulitya ing warni. Tur maneh anake iku klebu  bocah kang cerdas. Wiwit SD, SMP, nganti tekan SMA tansah antuk peringkat siji. Prestasine mawarni-warni. Wis jamak yen dheweke akeh pikantuk penghargaan saka sekolah lan saka pemerintah daerah. Ora sia-sia tenan anggonku nggulawentah, pikire Suminten.

Ora bisa diselaki. Lakuning wektu  laku nyakra manggilingan. Gumlindhing kaya roda pedhati. Mula kahanane owah gingsir. Kadhang manggon ngisor, seje wektu manggon ndhuwur. Saiki sangsara  banjir luh. Sesuk wis malih kebak kamulyan.

Nanging, kahanane Sukma Wangi, wengi kui, sajake gumlindhing bali mengisor. Padhahal nembe sawetara wektu ngrasakake kamulyan, saiki dheweke wis nampa pancoban maneh. Suminten–ibuke sing paling ditresnani–dumadakan tilar donya. Kecelakaan. Ketabrak bis nalikane mulih saka nekani tanggapan. Sukma Wangi semaput sanalika.

Sapaninggale ibuke, Sukma Wangi dadi urip ijenan. Dheweke enggal-enggal nguatake batine dimen ora kablanjur-blanjur olehe nandhang sungkawa. “Aku kudu lulus SMA, kudu sabar bisa nuntasake sekolah nganti ujian nasional,” greneng atine Sukma Wangi nganam penggalihe. Wondene, kanggo nyukupi kabutuhane, Sukma Wangi kapeksa ngganteni ibuke. Madeg dadi penyanyi dhangdhut.

Jebule Sukma Wangi nduweni suwara kang edhi banget. Tur maneh dheweke klebu wanita kang multi talent. Ora mung bisa nyanyi dhangdhut wae, ning uga  pop, keroncong, campursari lan liyo-liyane. Ora mung pinter nyanyi ning uga pinter nari. “Pancene aku dhemen karo seni, sastra, lan budaya,” kandhane ing sawijine wektu, nalika dheweke nyirami kembang ning ngarep omah.

Bener tenan. Nembe wae dadi penyanyi dhangdut, dheweke sakala dadi bidhuan kang kondhang. Apa maneh sabubare lulus SMA, sawise nggawe goyangan kang diarani goyang Jenthit (walang kadung), dheweke malah saya kondhang. Tanggapane nolak-nolak kayadene ibuke biyen. Wong-wong padha kedanan. Tansaya edan maneh nalikane, tanpa ana angin tanpa ana udan, Sukma Wangi ngilang saka dhusun. Matahun-tahun lawase ora ana wartane, jebule dheweke wis dadi artis kondhang ning ibukota Jakarta.

*

Tambah awan pendhapa desa tansaya ora kamot. Dheseg-dhesegan ora bisa diendhani. Wong-wong sing teka tibake ora mung pendhudhuk dhusun Blarak Biru wae. Nanging, uga saka dhusun-dhusun sakiwa tengene. Kahanan dadi tambah umyek nalikane bapak kepala dhusun munggah mlebu njero pendhapa. Sedhela maneh Mak Jenthit, artis ibukota iku bakale jumudhul, pikire wong-wong. Lan ora pati suwe bapak kepala dhusun metu, ngadeg ana sapinggiring jogan pendhapa karo nyekel pengeras suwara. “Dherek-dherek sedaya. Kula suwun ingkang tertib nggih. Mboten usah dheseg-dhesegan. Datheng mriki kula selaku kepala dhusun Blarak Biru badhene paring prisa. Bilih, saestune, kita sedaya sami-sami klentu panampa. Pawartase Sukma Wangi ingkang dados artis ing ibukota, ingkang terose bakal mudhik, pulang kampung, niku mboten leres. Sejatosipun inggih leres bilih Sukma Wangi bakale mudhik. Nanging, mboten mudhik dhateng Blarak Biru. Sukma Wangi ingkang kita sedaya tresnani niku, ingkang leres, badhe pulang kampung, badhe mudhik ing  negaranipun garwane. Inggih menika dhateng negari Argentina.” *

_____________

Sarwo Muji, Pandhemen seni lan sastra

Tags: Crita Cekak JonegoroanSarwo MujiSastra
Previous Post

Menonton Wayang Kulit di Karangdowo, Lakon Semar Bangun Kayangan

Next Post

Cerita Warga Pinggiran Bengawan Solo di Masa Lampau: Bluron, Nyarah, hingga Cuci Rinjing

Tinggalkan Balasan Batalkan balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

DOWNLOAD BULETIN MASTUMAPEL

KONTEN POPULER

7 Pelajaran Usai Nonton Na Willa, tentang Pola Asuh hingga  Cara Melihat Semesta

7 Pelajaran Usai Nonton Na Willa, tentang Pola Asuh hingga Cara Melihat Semesta

08/04/2026
Konser Intimate Bagus Dwi Danto di Bojonegoro, Pertama Kali Bawakan Lagu dengan Formasi Band

Konser Intimate Bagus Dwi Danto di Bojonegoro, Pertama Kali Bawakan Lagu dengan Formasi Band

08/04/2026
Bupati Bojonegoro Setyo Wahono: Guru Harus Berjiwa Mendidik, Bukan Mengajar

Bupati Bojonegoro Setyo Wahono: Guru Harus Berjiwa Mendidik, Bukan Mengajar

07/04/2026
Setyo Wahono: Pers Berperan Membangun Daerah

Setyo Wahono: Pers Berperan Membangun Daerah

09/04/2026
Garis Batas: Perjalanan Menyingkap Makna Kehidupan

Garis Batas: Perjalanan Menyingkap Makna Kehidupan

16/04/2026
Basa Bojonegaran

Basa Bojonegaran

16/04/2026

Mastumapel.com adalah situs berita online yang menyajikan karya jurnalistik dan fokus pada sejarah, seni, budaya, ekonomi, serta sisi-sisi kehidupan masyarakat Bojonegoro.
Alamat email: [email protected]

© 2023 mastumapel.com

  • Tentang & Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Kirim Konten
No Result
View All Result
  • Home
  • Bisnis
  • Destinasi
  • Mitos & Sejarah
  • Pendidikan
  • Sastra
  • Sosok
  • Crita

© 2023