Wis telung dina mlebu sekolah, tapi Cila ijek aras-arasen mlebu. Deweke ngomong ngene karo mbake, “Preine kok sedelok ya mbak?”
“Sedelok piye ta nduk? Wong preine rong puluh dina ngono,” Kani nyemauri. Cila ketoke gak percaya, trus takok, “Mosok ta mbak? Kok rasane delok men.”
“Iya bener. Apa pengen preine sakwulanan? Apa gak bosen? Nok omah paling ya glimbang-glimbung dolanan hape ae,” jawabe Kani.
“Sik, sik, tenan pora rong puluh dina? Taketunge sik. Ndi tanggalane mbak?” Cila takok meneh. Kani ngandhari, “Iku lo cedhake lawang. Bapak lak biyasane ndekek kono.
Cila gagenan menyang ruang tamu, nggoleki tanggalan tapi gak enek blas barange. Padahal lawange omah, wis bolak-balik dibukak-bukek. Meja tamu nganthek dijungkiri. Sorlongane kursi disenteri, tapi gak nemokna. Merga gak enek, Cila dadi muring-muring. Trus mblayu nok kamar, nakoki mbake.
“Nok ndi ta Mbak, tanggalane? Kok gak enek. Wis takgoleki nganthek pegel.”
“Oalah, ya, ya, sepurane dekmau takjupuk. Iku lo tanggalane nok ndhuwur meja. Mengko nek wis, pean balikna ya,” ujare Kani. Cila nyemauri karo mrengut, “Iki jenenge wis lalinan, gak tanggung jawab pisan. Untunge mbakku. Nek gak, takheh.”
Bar ngomong ngene, Cila njupuk tanggalan sing gemlethak nok ndhuwur meja. Trus ngetung pira jumlahe dina preinan. Dadakman tenan, jumlahe pas rong puluh dina. Tapi deweke ngrasakna gak semono.
“Mbak iki wis taketung bolak-balik. Pancen jumlahe rong puluh dina. Tapi tetep gak percaya. Koyoke mung rong mingguan.”
“Wis gak sah dietang-etung meneh. Nek wis wayah mlebu ya mlebu. Aja mlincur, ” Kani ngandhari. Cila nyauri, “Mlincur iku apa?”
“Mlincur iku gak mlebu sekolah aliyas mbolos. Tugase cah sekolah iku ya, sregep mlebu mbek sregep sinaune. Ora ngeling-eling jajan karo preine thok. Nek wis wayahe prei, lak ya prei dewe. Saiki pean, taktakoki nduwe PR pora? Mumpung dinane prei kaya ngene,” omonge Kani.
Cila karo ngguya-ngguyu njupuk tase, trus mbukak isine. Weruh kelakoane Cila, Kani ngomong, “Takbedhek pean mesthi lali PRe. Ngono kok ngendha aku. Wong ya padha lalenan. Njuk warah pora? Nek gak, aku ape ngewangi ibuk korah-korah nok ngguri.”
“Ya diwarahi ta, adike sing ayu iki. Mosok pean tega, nek adike bijine elek? Mbake ya mesthine isin,” Cila mangsuli. Krungu omongane Cila, Kani njawab, “Gak sah ngrayu. Aja sekethak njagakna. Nek mbak gak enek piye? Jajalen garap sik. Ngko nek gak isit, lagek takok.”
“Hadeuwh aku kok dadi nguwelu. Jerene nawani, kok ngono ngomonge. Jiyan PHP thok. Nek gak tenanan, wis ndang mrana. Wong ra eklas kok,” Cila ketok ngambek bar krungu omongane mbake mau. Pancen dhasare mbake seneng nggodha adike.









