Mastumapel
No Result
View All Result
  • Home
  • Bisnis
  • Destinasi
  • Mitos & Sejarah
  • Pendidikan
  • Sastra
  • Sosok
  • Crita
  • Home
  • Bisnis
  • Destinasi
  • Mitos & Sejarah
  • Pendidikan
  • Sastra
  • Sosok
  • Crita
No Result
View All Result
Mastumapel
No Result
View All Result
Home Pendidikan

Mbrasta Ma-Lima: Madon, Minum, Madat, Main, lan Maling

Nono Warnono
11/04/2025
Mbrasta Ma-Lima: Madon, Minum, Madat, Main, lan Maling

Ilustrasi by AI

Bebrayan Jawa banget nyiriki (ngadohi) pepacuh laku 5 (lima) sing dianggep nerak pranatan utama satengahing masyarakat. Tumindak ala sing dijengker cengkah kambi pranatan agama tuwin aturan negara. Laku lima sing gamblang dikaweruhi dening ngakeh mau ingaran “Ma-lima” (salah kaprah ditulis: Molimo), yaiku: Madon, Minum, Madat, Main, lan Maling.

Madon asring diwerdeni kadidene wong sing seneng slingkuh, mboh kuwi lanang marang wedok/wadon uga kosok balene. Mbiyen wong slingkuh kuwi nyolong bojone liyan kanthi sacara langsung dhedhemitan. Dalan peteng mlipir-mlipir mlebu senthonge liyan kadereng laku mesum. Isa uga digawa mlayu laku sedheng ing papan liya. Ing era modhern tumindak madon isa liwat platform medhia sosial banjur kangsen turu ning hotel kang wus sumadya. Slingkuh uga isa lewat germa utawa mucikari jaman digital sing wis anjrah ndhuk ngendi-ngendi. Ambek sing kawogan wus diatur kanthi tarif rega sing katetepake kanthi tarif gumathok.

Minum yaiku ndem-ndeman ngombe inuman keras kayata tuwak, arak, alkohol, nganti inuman oplosan sing diracik saka maneka jinis zat sing gelis gawe klenger. Mbiyen mendem asring dilakoni wong-wong sing ketungkul mbeksa tayub edan-edanan. Utawa nalika seneng-seneng gendhakan karo wedok lelemeran ing arena pelacuran. Isa uga sengaja kangsen semayan pesta mabuk-mabukan kanggo ngilangake rasa judheg utawa pikiran kuwur,manggon ing warung remeng-remeng. Jaman akhir iki klangenan mendem isa dianakake ing klub malam, jroning arena karaoke, tekan hotel bintang. Ora mawang ndem-ndeman, mabuk-mabukan dadi penyakit masyarakat kebak maksiyat.

Madat, diwerdeni ngirup zat-zat sing gawe pikiran lan jiwa nglayang ing alam kasenengan (fly). Kayadene kasenengan nyedhot ganja, jinis barang sing dilarang negara lan agama. Kejaba yen kanggo kepentingan pengobatan, kang sacara medhis bisa dipertanggungjawaban kagunane. Era modheren jinis zat kanggo madat maneka warna wujude. Kayadene narkoba sing wis ngracuni maneka dimensi panguripan. Narkotika golongan I: opium mentah, tanduran/godhong kokain,  kokain mentah, heroina, metamfetamina, lan liya-liyane. Narkotika golongan II: ana ekgonina, morfin metobromida, lan morfina. Wondene narkotika golongan III: sebangsane etilmorfina, kodeina, polkodina, lan propiram. Para remaja tumaruna, wong tuwa, pejabat tumekeng aparat ora kalis saka pengaruh laku madat ngisep narkoba.

Main asring sinebut ngabotohan utawa umum ingaran judi. Gambling ngabotohan wiwit jaman kalabendhu kuna-makuna wus dadi penyakit masyarakat sing angel dibrasta. Akeh banget jinise wahana srana kanggo judi adu nasib, kayata: remi, ceki, domino, dhadhu, lotre, nganti bal glundhung. Mangsa saiki ngabotohan isa diadani ing donya maya, alam ghaib, jagat digital sacara daring. Judol, judi online wis ditepungi kabeh masyarakat, wiwit wong tuwa, bocah sekolah, mahasiswa, nganti para elite politik. Judi jinis poker, rolet (Texas Hold’Em, Five Card Draw), bakarat (permainan kartu), slot lan sebangsane. Ngabotohan ing donya internasional wis akeh sing diidini sacara legl, kaya ing Las Vegas Amerika. Ing Indonesia kepara aparat keamanan kayadene polisi, ora sethithik sing kedanan judol engga ancur ekonomi lan bale somahe. Pepunthone akeh sing peteng nalare njupuk dalan sidhatan,  mblasuk nglalu lampus dhiri (bunuh dhiri).

Maling, laku colong-jupuk melike liyan kanthi cara dhedhemitan. Maling jaman kawuri isih nganggo cara tradhisional utawa konvensional. Nganggo cara nggangsir omah kanthi sesidheman nalika sing duwe omah padha turu wanci tengah wengi. Mlebu ngomah njur njupuki barang-barang pengaji rupa dhuwit, emas perhiasan, rajakaya sarta barang pengaji liyane. Ing jaman teknologi canggih kaya saiki, maling isa njulig laku ngapusi via platform sosmed utawa aplikasi maneka jimis. Ora sethithik pejabat lan apararur sarta elit sing seneng maling kanthi dalan korupsi kaskayane negara. Ngakali aturan kanggo maling lan ngrampog dhuwite rakyat, ngakali angka-angka. Cara-cara canggih maling elit mawa pencucian uang kanggo ngilangi tlacak. Koruptor jaman edan tanpa sesingidan, laku terang-terangan ora wedi mlebu penjara ukuman.

Ma-lima lan saandhug akibat negatipe pancen angel dibrasta wiwit kawuri nganti jaman saiki. Ma-lima ngalami owah-owahan jeneng aran lan wujude, nut jaman kelakone. Tansaya dilarang dipepalangi, tansaya antuk dalan kanggo ngakali maneka aturan sing gonta-ganti. Ma-lima ora bisa sirna mung krana aturan lan abote ukuman. Nanging kudu kanthi maneka setiyar wiwit asung edukasi, nganti migunakake piranti agama kadidene sesuluh sejatine ngaurip dalan bebener lan siksane laku Ma-lima nalika mati nandhang siksa sengsara.

Tags: Esai Bahasa JawaIslamMaksiatNono Warnono
Previous Post

Mengapa Islam Dulu Berjaya di Bidang Sains?

Next Post

Crikak Bojonegaran: Wayahe Mlebu Sekolah

Tinggalkan Balasan Batalkan balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

DOWNLOAD BULETIN MASTUMAPEL

KONTEN POPULER

Peringati Hari Kartini 2026, Perpustakaan Unugiri Gelar Talk Show Woman Campus in Kartini Days

Peringati Hari Kartini 2026, Perpustakaan Unugiri Gelar Talk Show Woman Campus in Kartini Days

21/04/2026
Setyo Wahono: Bojonegoro Tak Hanya Minyak, Tapi Juga Kaya Budaya

Setyo Wahono: Bojonegoro Tak Hanya Minyak, Tapi Juga Kaya Budaya

14/04/2026
Aliansi Buruh Bojonegoro Bersatu Turun Jalan, Suarakan 17 Tuntutan di Hari Buruh Sedunia 2026

Aliansi Buruh Bojonegoro Bersatu Turun Jalan, Suarakan 17 Tuntutan di Hari Buruh Sedunia 2026

02/05/2026
Bertemu JFX Hoery: Menimba Ilmu, Membawa Pulang Bahagia

Bertemu JFX Hoery: Menimba Ilmu, Membawa Pulang Bahagia

12/05/2026
Cerita Pengalaman Berkunjung ke Pak Hoery, Penulis Sastra Jawa di Padangan-Bojonegoro

Cerita Pengalaman Berkunjung ke Pak Hoery, Penulis Sastra Jawa di Padangan-Bojonegoro

26/04/2026
JFX Hoery, Merawat Sastra Jawa dengan Karya dan Perpustakaan di Rumahnya

JFX Hoery, Merawat Sastra Jawa dengan Karya dan Perpustakaan di Rumahnya

26/04/2026

Mastumapel.com adalah situs berita online yang menyajikan karya jurnalistik dan fokus pada sejarah, seni, budaya, ekonomi, serta sisi-sisi kehidupan masyarakat Bojonegoro.
Alamat email: [email protected]

© 2023 mastumapel.com

  • Tentang & Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Kirim Konten
No Result
View All Result
  • Home
  • Bisnis
  • Destinasi
  • Mitos & Sejarah
  • Pendidikan
  • Sastra
  • Sosok
  • Crita

© 2023