Kadidene ibadah kang disunahake dening tuntunan agama Islam, luwih jangkepe minangka amalan kang dikukumi sunah muakadah, kurban ngandhut pakarti religius kang ngandhut rasa sosial. Ghirah nyembelih kewan kurban ing wanci sasi Dzulhijjah anjrah mungguhing bebrayan mirunggan tumrap masyarakat kang ngrasuk agami Islam.
Kurban lembu utawa menda netepi laku kang nate ditindakkake Nabi Ibrahim marang ingkang putra kinasih Ismail. Sawiji pakarti kang lair saka ikhlas saha kandeling iman marang Gusti Allah kang ngukir jagad saisen-isene. Taqarrib Ilallah kang mangaribawani kaimanane manungsa engga kuwawa ngorbanake apa wae kang didarbe. Lamun tan linandhesan andharan ing ndhuwur, mokal pangurbanan iki klakon tumindake.
Kang penting dadi kawigaten mesthine, amalan qurban kudu tetep linandhesan njejegake tujuwan sekawit. Aja nganti printah agama ning menggok ancas tujuane krana perkara liyane. Jer jaman akhir akeh saperangan masyarakat kang nindakake ibadah kurban ning jumurung rasa riyak luwih-luwih yen krana kadereng gengsi (prestise). Awit dinamika panguripan kang konsumtif lan condhong marang panguripan materialistik, ibadah apa wae bisa disalahgunakake kanggo mbangun citra dhiri, luru popularitas kanggo “branding” ing maneka keperluan. Bisa kanggo citra elite polithik, ketokohan, nganti tekan pencucian uang.
Mula wigati dielingake ing prastawa (momentum) Idul Adha butuh mbalekake makna kang arsa direngkuh yaiku murni napak tilas pakartini Nabi Ibrahim lan putrane, miwah negesake kardi kang tundhone kuwawa sabiyantu marang wong kang isih urip kesrakat kang tamtu luwih mbutuhake daging qurban.
Kurban Kang Sayekti
Yen kawuri nut agami ibadah kurban karana perintah kautaman wujud mragat kewan kurban kamthi samesthine (tekstual). Parandene kurban kang nut jaman kelakone (kontekstual) bisa jembar tebane. Ora mung winates marang ritual mragat menda utawa lembu, nanging bisa kaejawantah ing madyaning bebrayan ing jaman akhir.
Kurban ing era saiki ora mung penyembelihan kewan kurban nut syariat kang gumathok, jer pakarti kurban bisa maujud ana ing maneka tataran panguripan slaras jaman kelakone. Kang dadi pangarsa agama (kyai, ngulama) bisa wujud ngorbanake wektu kanggo dhakwah sedekah ilmu. Mungguh elit lan.pejabat bisa ngurbanake kepentingan pribadi, ning luwih nengenake gawe regulasi utawa kebijakan kang nguntungake masyarakat kang tebane luwih bawera. Para aghniya’ (dermawan) bisa kurban wujud keduweane kanggo sabiyantu fakir miskin tuwin anak yatim utawa yatim piatu. Iku mung tuladha saperangan, isih akeh laku pangorbanan liya minangka wujud ghirah ibadah qurban.
Akhirul kalam, pakarti qurban sayektine ora mung sacara tekstual, nanging ing makna kang luwih bawera bisa disuraos klawan ibadah sacara kontekstual nut jaman kelakone. Mragat kewan kurban wigati, ngurbanake maneka keduwean kanggo memayu hayuning bebrayan ing madyaning urip lan panguripan uga penting. Panguripan jaman tradhisional lan era digital mbutuhake keseimbangan amrih bisane lestantun peradaban manungsa ing jagat sawegung.









