Sedelok meneh wis badha, wis riyaya, mulane Kani mbek Cila ape siyap-siyap mudik nok omahe nang’e karo dok’e.
“Mbak Ni, apa ae sing ape digawa?” Cila takok karo Kani. Kani nyemauri, “Ya klambi sing penting.”
“Gak nggawa panganan ta Mbak?” ujare Cila meneh. “Pean iki panganan ae sing dipikir,” walese Kani. “Wong urip kan ya kudu mangan. Nek gak mangan trus piye?” Cila nanggapi kanthi mrengut.
Weruh ngene iki, Kani njawab karo mesem, “Adikku sing uayu dhewe. Pean gak usah kuwatir, mbahe awake dhewe wis nyiapi.”
“Mengko nek gak cocog piye? Aku lo gak patek seneng panganan sing koyok rengginang, balung kuwuk, apa neh kuwi marneng. Panganan atos kok disuguhna? Wis gak gamoh, nggarai watuk pisan,” kandhane Cila.
“Nek gak doyan, ya gak sah dipangan. Ra sah madha. Mesthine enek ae sing seneng mangan kaya kuwi,” Kani mangsuli.
“Mosok ijek enek sing gelem mangan ngono kuwi. Kuwi panganan jadul. Paling nek sing gelem mangan iya wis mbah-mbah sing untune ijek rangas,” omonge Cila.
“Wis, wis ora bar-bar nek ngomong ngene iki. Masalah enek sing mangan apa ora panganan sing jerenem lawas, ora sah mbok pikir. Cah cilik kok mikir ngono iku lo,” Kani ngandhani meneh. Krungu tanggepane Kani. Cila ngomong, “Kan mubadir mbak nek gak enek sing mangan. Nyuguhi tamu utawa dayoh sing kira-kira enak dipangan, gak nyusahna wong. Nek isa sing umume saiki apa sing kekinian. Mek apa nggawe sing wis gak njamani. Sing seneng ya ora akeh.”
Saksudurunge Kani nanggepi, bapake teka trus ngomong, “Iki apa ta ya? Ket maeng cah loro kok kemrepyek ae.”
“Ngene lo pak. Adik ngejak ngomong panganan sing disuguhna karo nang’e mbek dok’e. Cila moh nek enek panganan sing model jaman kuno, koyok marneng. Jerene arang sing gelem,” Kani mangsuli.
“Walah-walah, urusan ngono kuwi terserah mbahe. Pancene ngono kuwi ya panganan sing alot, isa marai sereten, watuk. Sing untune gugoh, kaya bapak ya wis gak mungkin mangan senajan pengen. Tapi iya kudu eling, panganan tinggalane mbah-mbah biyen aja nganthi dilalekna. Mboknawa ijek enek sing gelem apa durung tau ruh, isa njajal. Nek ora cocog, mungkin ya isa diakali. Isa nglairna inovasi anyar neng rasa karo rupane. Aja sekethak kepincut katut karo panganan saka njaba. Nek caramana, gak doyan ya gak sah ngelakna,” ujare bapak.
Kani trus nyambung, “Karepku ya ngono pak. Ngandhani adik. Eh, iki wis jam pira ya?”
“Jam sanga mbak. Enek apa’i mbak?” Cila takok mbake. Kani nyemauri, “Loh ibuk pesen jam suwelas sepur wis wer. Ayok ndang gage. Pean senengane ki mengkak-mengkok.”
Bapake cah loro iki krasa, nek gak dipedhot. Gak bar-bar nek ngomong. Mulane ngongkon ndang gagenan adus. Bar kuwi milih dolanan sing ape digawa. Ora kabeh diusungi. Cukup siji loro ae, nek kakehan sakliyane ora mot tas ya marai kabotan.










Ceritanya mengalir, relate dg sehari hari
bagus…cerita langka untuk jaman sekarang