Prabu Jayabaya dikenal lewat panjangka ramalan-ramalane kang kawentar kadidene Ramalan Jayabaya. Ramalan iki kinandhut sajroning naskah-naskah kayadene: Serat Jayabaya, Serat Centhini, hengga Serat Pranitiwakya, malah uga disebut sajroning Babad Tanah Jawi.
Jangka Jayabaya kang sinerat dening Prabu Jayabaya ing Kediri kang kaandharake ing Serat Centhini Jilid 1 seratan Pakubuwana V ing Surakarta. Manut Jangka Jayabaya, lelampahan ing tanah Jawa kasebut kaperang dados:
Jaman Kaliswara, kang suwene 700 taun. Jaman Kaliswara iku jaman akeh swara kang elok-elok. Akeh swara guntur, gara-gara peteng ndhedhet, akeh manungsa luhur agentur ing tapane.
Jaman Kaliyoga, werdine akeh tetuwuhan. Suwene 700 taun. Bumi binelah dadi pecah kang winastan dadi pulo-pulo. Manut katrangan ilmiah, ndhisik pulo Jawa, Sumatra lan Kalimantan iku dadi siji. Banjur pecah dadi pulo dhewe-dhewe.
Jaman Kalasengara, tegese banyu maluber. Akeh udan deres ing tanah Jawa. Kang tundhone dadi banjir gedhe. Akeh kali bengawan kang ngalih iline amarga banjir bandhang.
Jaman Kaliswara, kaperang dadi pitung jaman cilik kang suwene 35 taun. Wondene jaman cilik wau winastan: Jaman Kalakukila, Kalabudha, Kalabrawa, Kalatirta, Kaladwabawa, Kalaswabawa, lan Kalapurwa.
Jaman Kalakukila, winastan jaman kukila utawa peksi, jaman manuk. Akeh wong kang pathing blasur , pathing balilung kaya manuk ngupaya papane. Jaman Kalabudha, werdhine akeh wong padha nungkul manungku marang Hyang Agung utawa manungku marang Gusti Allah. Jaman Kalabrawa, werdine jaman kang murub. Akeh janma kang padha murka, bergudul tan ana kang padha narima ing takdire Gusti Allah. Ing batine wong tan ana wong kang padha narima. Jaman Kalatirta, tegese Jaman Banyu. Akeh udan deres banjir bandang lan kali segara padha erob utawa luber kabeh. Jaman Kaladwabawa, tegese jaman kaelokan. Sajroning jaman iki akeh kaelokan kang dumadi. Jaman Kalaswabawa, surasane jaman keramean. Ing jaman iki akeh karameyan ing ngalam ndonya, mligine ing tanah Jawa. Jaman Kalapurwa tegese, jaman kawiwitan. Ing jaman iki akeh kang sami tumuwuh, akeh wit wit kang padha thukul, lumerab ing sadhengah papan.
Jaman Kaliyoga, uga kaperang dadi patang jaman cilik. Kapisan jaman Kalabrata, tegese jaman laku. Tembung brata tegese laku. Tandhane akeh manungsa kang laku manungku ulah prihatin sakabehe. Kapindho, jaman Kaladupara tegese jaman kori. Tandhane ing jaman Kaladupara akeh manungsa kang antuk pepadhang saka Hyang Manon. Atine padha tinarbuka antuk pepadhang sekabehe. Kaping telu jaman Kaladwapara, tegese jaman mokal, jaman aeng. Akeh lelakon kang sarwa aeng, kang sarwa nganeh anehi. Lelakon kang ora sabenere, paribasan lelakon kang mrojol saka kalumrahan. Kaping pate jaman Kalapranita, tegese jaman setya, jaman kasetyan. Tandhane akeh janma kang tumemen satuhu. Ing ati nalare ora cupet, kepara nalare panjang mranani. Jaman kaping lima ingaran jaman Kalatetaka, tegese jaman tigas, jaman dikethok utawa tugel. Ing jaman iki akeh janma kang padha tumekaing tanah Jawa. Kaping nenem jaman Kalawisesa, tegese jaman wenang. Jaman kang sarwa keconggah anggone nglakoni panguripan. Akeh janma kang kapatrap ing ukum saka negara. Kaping pitu jaman Kalawisaya, tegese jaman sikara. Tandhane akeh janma kang laku mitenah ing wong liya. Padha mitenah antarne siji lan sijine wong. Ing sakiki bisa uga ingaran jaman pitenah. Akeh kahanan kang sarwa mitenah. Saling fitnah.
Jaman Kalisengara, kang kaperang dadi Jaman Kalajangga, Kalasekti, Kalajaya, Kalabendu, Kalasuba, Kalasumbaga, lan jaman Kalasurata. Kapisan jaman Kalajangga, tegese jaman sekar gadhung. Akeh janma luhung kang oleh kaluwihan utawa kabisan kang beda-beda. Jaman Kalasekti tegese, jaman kuwasa. Tandhane akeh janma kang antuk kaluwihan kasantikan. Akeh wong kang padha ngetokke kasantikane, kawasisane utawa kapinterane. Jaman Kalajaya, jaman ungguling sakeh dumadi. Akeh wong padha olah karosan utawa kekuwatane awak. Kaping papat jaman Kalabendu, jaman bebendu. Tandhane akeh janma padha sulaya ing rembug. Padha geseh panemu, kang tundhone padha padudon ing tata lair lan batin. Kaping lima jaman Kalasuba, tegese jaman seneng-seneng. Tandhane akeh janma kang padha seneng atine, seneng nampa lelakon. Akeh wong antuk kabungahan. Akeh wong padha lejar atine krana nampa kebungahan, nampa kanugrahan jroning uripe. Jaman Kalasumbaga, tegese jaman misuwur utawa kawentar. Tandhane akeh janma kang nggayuh babagan kang sarwa misuwur utawa kasusra jroning lelakon. Kaping pitu jaman Kalasurata, tegese jaman alus. Tandhane akeh janma kang padha aweh pambiyantu marang wong kang padha mbutuhake pambiyantu. Pambiyantu mau duweni ancas mujudake laku kang tumuju ing karahayon utawa keslametaning urip.
Ngrumpaka Jaman Kalabendu lan Jaman Kalasuba
Salah siji ramalan kang narik saka Raja kang nglungguhi pangwasa rikala (1135-1159) iku ngenani tekane Jaman Kalabendu. Manut Candra Sengkala tauun 1997 dianggep wiwitan jaman kasebut. Jaman Kalabendu digambarake minangka periode ontran-ontran (konflik) lan memungsuhan antaraning komponen bangsa, kang disolahake dening “dhalang” kang ora kasat mata. Ramalan kasebut unine: “Entenana Nuswantara bakal ketaman bendu, Yen wis teka pandhita ambuka wiwaranging neraka (Candra Sengkala 1997). Pralambange jago tarung ning njero kurungan. Dhalang wayang ngungkurake kelir. Sing nonton padha nangis. Entenana waluya lan tentrem. Mengko nek wis tumeka. Pendhawa mulat sirnaning penganten (Candra Sengkala 2025)”
Para budayawan Jawa merdeni, taun 1997 miwiti Jaman Kalabendu ditengeri kanthi bencana ekonomi kang ngrabasa ing Indonesia. Metafora ngenani “Ayam jago tarung jroning kurungan” nuduhake dredah lan gegeran antar anak bangsa.
Manut ramalan kasebut, sapungkure Jaman Kalabendu bakal tumeka Jaman Kalasuba Jaman kebak pengarep-arep bakal tumekane jaman kemakmuran lan ketentraman yaiku tiba ing warsa 2025. Ramalan iki bisa diwerdeni (dimaknai) kanthi maneka cara, lan cunduke gumantung marang konteks lan perspektif (sudut pandang) pribadhine sowang-sowang.
Miturut Jangka Jayabaya, sapurnane mangsa-mangsa werit kang ingaran Jaman Kalabendu, saiki (2025) mlebu mangsa peralihan tumuju Jaman Kalasuba. Jaman kang dianggep minangka jaman kemakmuran lan ketentraman kang tinengeran klawan anane pemimpin kang ngregem teguh marang prinsip lan suthik dadi boneka negara liya. Indonesia bakal kinurmatan lan diakoni saindhenging ndonya.
Muga-muga.
***









