Rerangken tembung ing tembang Gundhul Gundhul Pacul yen diudhari lan diwerdeni, akeh perlambang lan makna kang kinandhut sajerone lelagon mau. Jer tembang Gundhul Gundhul Pacul iku sejatine dudu mung tembang dolanan bocah lumrah, nanging tetembangan kang ngemot wejangan pitutur luhur kang jero tegese kanggo leladi bebrayan ing madyaning masyarakat.
Ing tradhisi Jawa, tembang iki kerep dianggep minangka pitutur-luhur tumrap kang kawogan kadidene para pengarep utawa pemimpin (leadhership). Wong kang pinilih mirunggan jalaran pikantuki Amanah, lan sapa wae kang duwe kalungguhan ing madyaning masyarakat krana bisa tinuladha lan kagungan kawicaksanan.
Tembang Gundhul Gundhul Pacul, “gundhul” iku tegese sirah tanpa rambut. Ing makna simbol Jawa, sirah iku lambang pimpinan utawa akal budi. Wondene rikma utawa rambut iku pralampita mahkota, derajat lan pakurmatan. Yen sirah iku gundhul tanpa rikma, ateges pimpinan sing kelangan rasa isin, koncatan tumindak andhap-asor lan budi pekerti.
Parandene “pacul” iku piranti tani lambang saka tugas lan tanggung jawab. Tegese wong sing wis diwenehi pacul kudu bisa nggarap ngurusi lan ngopeni rakyat. Utawa tanggung jawabe kanthi nindakake jejibahan kanthi tumemen. Manunggal dadi irah-irahan Gundhul Gundhul Pacul, nggambarake pimpinan sing duweni kuwasa nanging ora mawa kawicaksanan. Mung nganggo kekuwatan tanpa rasa welas asih tuwin ngiwakake kawicaksanan.
Tembung “gembelengan” ateges tumindak sembrana, gumedhe lan ora ngati-ati. Iki pitutur kang cetha menawa wong-wong kang duwe ketangguhan nanging gumunggung lan lali dharatan bakal tumindak sakarepe dhewe tanpa mikir akibate marang wong liya. Ing budaya Jawa sifat gembelengan iku kudu didohi amarga bakal nuwuhake kerusakan lan kasangsaran timrap bebrayan agung.
Banjur “nyunggi-nyunggi wakul” mengku werdi, wakul kadidene wadhah sega ngandhut pralambang saka kasejahteraan lan rejekine rakyat. Nyunggi wakul ateges nggawa amanah kesejahteraan masyarakat ing ndhuwur sirahe. Iki nggambarake pimpinan sing kudune njunjung dhuwur kepentingan rakyat, uripe wong akeh, ora mung mikir wetenge dhewe. Tuwin njaga amanah kanthi ati-ati lan tanggung jawab kareben tumanja ing madyaning panguripan.
“Wakul ngglempang segane dadi sak ratan” ngemu surasa nalika wakul malik segane kutah lan sumebar ing lemah. Iki pralampita yen pimpinan sing gembelengan ora waspada bakal njalari kesejahteraan masyarakat dadi rusak, rejeki kutah, gawe kemlaratan merajalela lan rakyat bakal nandhang sengsara. Makna jero saka bageyan iki yaiku, yen wong duwe amanah ora eling lan.ora ngati ati, mangka kerusakan lan cilaka bakal tumiba marang wong akeh.
Piwulang moral lan filsafat Jawa, tembang Gundhul Gundhul Pacul yaiku ngajari piwulang luhur. Aja gumunggung yen nduweni drajat. Amanah iku abot lan kudu dijaga, pimpinan kudu andhap asor lan wicaksana. Kesejahteraan rakyat iku gumantung marang laku pangarsane utawa pimpinane. Pimpinan sejati kuwi sing ngemong, dudu sing nguwasani. Sing ngayomi, dudu sing midak. Sing eling lan waspada, ora gembelengan.
Mula saka iku, tembang Gundhul Gundhul Pacul kudu dingerteni ora mung minangka lagu dolanan bocah kewala, nanging minangka pangeling-eling marang saben wong. Luwih-luwih sing dadi pimpinan ing tataran apa wae. Wiwit pimpinan satengahing kulawarga, tumekeng pangarsa negara. Supaya tansah eling marang Gusti. Eling marang amanah, lan eling marang rakyat sing dipimpin, kinen ora keblasuk marang dalan sing sasar. Satuhune bisa ngaurip guyub rukun nut pranatan negara uga tumindak slaras klawan pranatan agami.
Yen.piwulang iku ditindakake kanthi bener, urip bebrayan iki bakal ayem tentrem, adoh saka cecongkrahan. Jer crah agawe bubrah, rukun agawe santosa. Muga kabeh ginanjar eling lan waspada. Iman taqwa kang kukuh lan ngreksa amanah apa wae sing disampirake marang kita.
Aamiin.









