Kawit mau, Kani mbek Cila nok kamare ae ora metu blas. Ngerti ngene bapake notok-notok lawange kamar cah loro iku karo ngomong, “Kan, Cil, kok nok kamar ae. Turu pa piye?” Krungu bapake ndodok kamar, cah loro iki nyaut bareng, “Gak pak.”
“Nek gak turu, aja nok kamar ae. Metu-metu kana lo, apa ngewangi ibuk nok pawon,” bapake ngandhari.
Bar kuwi Kani mbukak lawang kamar. Bapake kaget ndelok kamare cah loro mau. “Iki apa-apanan ta, kok pating slengkrah? Nok ndhuwur iku, dhuwike sapa?” bapake takok. Cila nyemauri karo mesam-mesem, “Iki olehe mider bahal pak.” Kani nambahi, “Mengko nggo tuku tablet, nek kurang njuk bapak.”
Bapake nanggepi, “Wong wis dikek’i dhek ingi, kok njuk neh? Piye ta kih? Trus sing lara sapa, kok tuku tablet bereng? Gak dipreksakna sik ta piye?”
“Ogak tablet obat pak. Iku lo sing koyok hape gedhene meh sak laptop,” jawabe Kani. “Oalah tablet iku ta. Wong ijek cilik. Mengko nggo dolanan ae mesthi. Lali sinaune. Sukmben nek wis gedhe ya? ujare bapak. “Bapak iki senengane su’udon ae. Tablet mau mengko tak nggo sinau mbek adhik. Saiki akeh tugas sekolah sing kudu nggoleki nok internet,” Kani mangsuli.
Bapake trus ngandhari, “Ya wis gak papa. Tapi kudu janji, dienggo sinau. Dienggo dolanan ya oleh, tapi nek tugase wis bar. Dolanan ya ra sah suwi-suwi. Sakjam wis cukup. Sakliyane iku aja sering-sering. Ben ora lara mripate. Eling kudu sregep mangan sayuran, kususe wortel. Supaya mripate tetep waras.” Kani mbek Cila njawab bareng, “Iya pak.”
Bar iku Kani takok bapake, “Caramana tugase ben dina golek nok internet piye?” Bapake nyemauri, “Ya nek ben dina, kan isa njuk tulung karo bapak apa ibuk. Gak sah kuwatir.”
“Nek bapak mbek ibuk, gak enek piye?” Kani takok meneh. Bapak nanggepi, “Apa tau bapak mbek ibuk bareng ninggal omah? Mesthi gantian ta? Nek umpamane tau, paling ya wayah preinan sekolah. Wis, wis ndang dietung dhuwike. Bar iku kamare ditata mbek dibuwak larahane. Ben tambah resik, dipel pisan. Bapak enteni nok ruang tamu.”
Bar iku bapake metu saka kamar, mlaku nuju ruang tamu. Ngenteni cah loro mau. Kani mbek Cila nerusna ngetung dhuwike. Sakwise iku, resik-resik kamar. Trus mara nok ruang tamu.
Tekan ruang tamu, cah loro mau lungguh. Bapake gage ngandhari, “Ndhuk, eling ya riyayan utawa bahalan iki maksude ben awake dhewe iki njuk sepura karo wong tuweke, dulure, tanggane mbek kancane. Ora golek panganan apameneh dhuwik ae. Mulane nek gak dikek’i, gak sah ngresula. Merga sing penting iku njuk sepura.”









