Pasa wis mlaku rong mingguan, dadi karek separo neh wis badha. Apa enek sing wis mokel koyok Cila? Cila iki adike Kani. Dhekne iku sangang taun umure. Dadi ijek kelas telu SD. Kenek apa Cila wis tau mokel? Ngene critane.
Dina Senen kae, Cila krasa lemes. Buk’ane takok, “Bar mulih sekolah kok meneng ae. Ulangane angel apa piye?”
“Ora buk. Aku isa nggarap kabeh,” semaure Cila. “Trus kenek apa? Kan biyasane gagenan coplok klambi. Bar kuwi dolanan. Sik, sik, kok rainem ndadak pucet.” ujar buk’ane. Cila mangsuli, “Aku lemes buk. Oleh batal pasa ya buk? Ketoke aku wis gak kuwat.”
“Ya wis nek ra kuwat, ndang dibatalna. Tapi ibuk takok sik, apa nek nok sekolahan mau pean dolanan blayon karo kanca-kancanem?” buk’ane nanggapi. “Iya buk. Tapi gak banter kok, cumak alon,” balese Cila.
“Mosok enek mlayu alon-alon? Aja mbijuki lo. Pas-pasa gak oleh mbijukan,” buk’ane ngandhani. “Ogak buk. Suwer lo. Iki kapan mangane, nek dijak ngomong trus,” jawabe Cila kanthi mrengut. Ibuke banjur ngomong, “Ya wis ndang kana. Bar madang trus digawe istirahat. Gak sah neng ndi-neng ndi. Tapi aja nggo turu sik. Entenana sakjaman. Eh, ya bar Dhuhur lak pas.”
Ora let suwe, Kani tekan omah. Buk’ane pengen negesi neh lan takok karo Kani, “Nduk, adikem apa playon pas nok sekolahan?”
“Iya buk. Wis tak kandhani maeng. Aja playon ae. Apa neh wayah saur, gak gelem tangi. Dhekne gak ngreken takkandhani. Jawabe gak papa mbak. Aku kuwat kok pasane. Enek apa ibuk takok ngene?” pitakone Kani marang buk’ane.
“Mau Cila mulih sekolah, raine ketok pucet. Jerene awake lemes. Trus pengen mokel,” semaure buk’ane. Krungu ngene iki, Kani ngomong, “Halah cah kuwi kakehan alesan. Dhek bengi, takkandhani gak usah bengi-bengi nek melok darusan. La kok mulih jam suwelasan karo bapak. Pas saur digugah, jerene ijek ngantuk. Sakliyane kuwi ya njawab, ijek wareg. Wayah darus, wis akeh mangan jajan takjil.”
Krungu omongane Kani, ibuke dadi isa ngira-ira apa sing nggarai Cila dadi lemes. Mergane Cila iki isuke ora melok saur. Wayah saur jane ya wis digugah, tapi jawabe ijek ngantuk mbek aras-arasen. Tepakan turune kebengen. Biyasane jam sanganan, malah turu kliwat jam suwelas.
Sakwise Cila tangi turu. Buk’ane ngandhani Cila, aja mbaleni neh turu kliwat jam sanga. Umpamane nek sinau sakdurunge buka ae. Dadi bar traweh, isa melok darus, ra pati muk sedelok. Lan uga melok saur. Pancen wayah saur trekadang ora doyan mangan. Sakliyane iya ijek krasa wareg. Tapi kudu isa meksa awake dhewe, sithik-sithik kudu tetep dipangani. Ben awak, gak gampang lemes. Gak gampang ndredeg.
Apaneh ijek cilik, dadi jenenge lesu mbek ngelak kuwi gampang tekane. Merga jenenge cah cilik, senengane polah morak-marik. Kabeh wong wis padha ngerti nek kakehan polah, nggarai cepet lesu mbek ngelak. Dadi nek iki kedadeyan wayah pasa, nggawe awak dadi lemes.
Cila trus manthuk-manthuk ngrungokne dawuhe buk’ane. Biyasane Cila iki angel nek dituturi. Senengane ngeyelan. Mboknawa krasa dhewe, nek ora saur, awake ogak patek kuwat. Lan uga roh kancane sing meksa tetep pasa, dene ora melok saur dadi sumer. Akire gak kuwat, trus mokel.
Wiwit iku, Cila mesthi melok saur. Senajan ora patek akeh koyok buka. Ibuk’e pesen, nek mangane muk sakithik, ngombeo susu. Nek gak gelem susu, ngombe sing legi-legi. Wong kabeh ya wis dicepaki.









