Mastumapel
No Result
View All Result
  • Home
  • Bisnis
  • Destinasi
  • Mitos & Sejarah
  • Pendidikan
  • Sastra
  • Sosok
  • Crita
  • Home
  • Bisnis
  • Destinasi
  • Mitos & Sejarah
  • Pendidikan
  • Sastra
  • Sosok
  • Crita
No Result
View All Result
Mastumapel
No Result
View All Result
Home Sastra

Crita Cekak Dening Nono Warnono: Dokar

Nono Warnono
31/12/2025
Crita Cekak Dening Nono Warnono: Dokar

Ilustrasi Dokar by Gemini

Senajan jaman wis ngalami owah-owahan, urip panguripan mubeng nyakramanggilingan. Bebrayan mobah–mosik nut jaman kelakone. Nanging Munandir puguh ngugemi panguripan napak tilas simbah buyut engga canggah wareng gantung siwur. Globalisasi ambek ajune kecanggihan teknologi santering informasi tekan era digitalisasi ora isa ngowahi dalan uripe Munandir.

Dalan gedhe Bojonegoro-Babat isine kendharaan rodha papat, bis banter-banter oyak oyakan, truk gandheng–renteng renteng. Cikar dhokar kepara becak wis gak eneng sing liwat dalan aspal. Nanging Nunandir ijek ngrumat jaran kanggo nggeret dhokar golek penumpang ndhuk pasar Borno. Wong–wong ngarani ndhokar maeng “ngece”. Ngece ora ditegesi ngenyek elek elek liyan, nanging ngece ndhokar golek penumpang. Penumpange saka pasar Borno sakubenge. Tekan Desa Ngemplak, Desa Pomahan, engga mblusuk desa desa ning Kecamatan Kepohbaru. Nyatane langganane penumpang ijek akeh, kamangka angkodes (mobil angkutan pedesaan) wis meh ora ana krana kelangan langganan penumpang.

Trekahe Munandir sing ora kengguh owah–owahan kemajuan jaman maeng tau disaruwe sing wedok. Bojone nate alok trekahe sing dianggep ora njamani.

“Pak, mbok leh sampeyan ndhokar kuwi dilereni wae. Wis tuwa, wis ora jamane ngingu jaran ngrumat dhokar. Bis wis akeh, colt wis mblader. Ngece wis ora jamane,” Surti bojone nduwa.

“Nyatane penumpangku ijek akeh, Sur. Pelangganku bakul blanja lan sapinunggalane ijek ajeg numpak dhokar.”

“Kuwi jalaran rasa sungkan, Pak. Wis kadhung mbangun seduluran, sak jane ya wis ogak krasan numpak dhokar,” sing wedok ngunggahi jengker.

“Lho aja kleru, Sur. Wong numpak dhokarku kuwi ogak nggur urusan tumpakan. Numpak dhokar kuwi eneng iramane. Swarane klinthingan, ambek tapel jaran nduweni wirama khas, enak dirungu. Ngangeni. Njur sing penting maneh, numpak dhokar kuwi isa guyon kambi kesaput silir–silir angin ayem rasane. Omongan cara ndesa ogak krasa idhep–idhep wis tekan panggonan sing dituju,”

Jengker-jengkeran kandheg. Surti kaget, ogak godag ngunggahi omong maneh. Apa sing dijengker Munandir jero tegese. Numpak dhokar jebul ogak nggur perkara transportasi, nanging enek nilai budaya kearifan sing ogak ditemoni numpak angkot utawa nunggang bis.

Ora ming bojone wae sing alok ngenani jaran ambek dhokar, anake lanang aran Suwito sing ijek sekolah ing bangku SMP uga nyaruwe.

“Wis gak jamane, Pak. Ngusir dhokar ndhuk pasar. Wong–wong wis dha nduwe pit montor dhewe. Bis ambek colt angkutan umum wae wis kurang penumpang.” cluluke Suwito nalika Munandir napel jaran.

“Lho, gak njamani ogak apa apa, Cung. Akeh kendharaan ndah mboyak. Sing penting ijek payu, ijek ngolehne dhit.” Munandir nyaut.

“Aku isin, Pak. Aku moh ngarit golek pakan jaran. Aku moh nyombor dhedheg. Aku moh nimpal tlethong jaran,” anake purik.

“Iki penggaotan kalal lho, Cung. Dudu maling, dudu nyopet. Ora mblidhuki, ora korupsi kaya wong ndhuwuran kae. Genya isin?”

“Pokok aku emoh!“

Anake lanang klepat nginggati Munandir sing mlengak ngowoh. Dheweke narik ambegan landhung. Jengkeran karo cah sakiki pancen njelehi. Sedhilut-sedhilut isin. Sithik–sithik ngewer–ngewer jengker sok ogak jamani.

Witekna Munandir wis ruh nek jaman cakramanghilingan. Owah gingsir gumlindhing banter playune. Wong urip ngendelake canggihe teknologi. Suthik mergawe abot, emoh tandang grayang rekasa. Seneng mangan enak. Generasi nom–noman arang sing gelem dadi petani, nadyan mung buroh direwangi mlayu menyang kutha gedhe. Kamangka penggaweyane ndhuk kutha gedhe ya mergawe kasar.

Apa maneh sing wis lulus kuliah, pilih dadi pengangguran ketimbang cekel gawe abot. Cekelane ha–pe, nek gak cekel ngamuk ambek wong tuwane. Kamangka tuku pulsa ya nganggo dhit, ogak lan-lanan.

Pengangene Munandir buyar, nalika eneng wong lanang teka nyang omahe. Jebul Trisno tanggane dhewe. Isine omong, takon sesuk ngece pa–ra. Nek mbudhal ndhokar ape titip telung sak beras sing arep didol ndhuk pasaran Borno.

Wong–wong Ngemplak pancen sabane pasar Borno utawa pasar Sroyo. Mung ijek rame ndhuk pasar Borno. Ramene dhong pasaran Pon. Nek Sroyo pasarane Wage. Tegese, saben dina ya tetep bukak pasare, ning sing paling rame dhong dina pasaran.

Klunthing! hape jadhul duweke Munandir muni. Ha–pe kuna nggur kenek nggo SMS ambek telpon. Ora kenek nggo WA-nan, apa meneh nggo medsos–an, utawa yutuban. Gak kenek blas.

Telpon cilik ireng didudut saka njero sak kathok kombor. Jebul saka Kasmin Sraturejo. Langganane penumpang dhokar. Saka sebrang kandha nyarawidekake sesuk mbudhal ndhokar pa–ra. Arep nggawa jagung ambek kacang ijo menyang pasar Borno. Munandir ngiyani. Manthuk, nadyan sing dijak omong ogak eneng kono. Nganthuki swara saka njero ha–pe.

Bengine, nganti lingsir ratri Munandir ogak isa ngeremake mripat. Dipeksa–peksa tetep ogak isa turu. Malah kancilen. Atine goreh, pikire kisruh. Omongane bojone sing wedok ambek omongane anake lanang dadi pikiran nggembuleng.

Anak–bojo sing wis suthik dheweke ngusir dhokar. Emoh nek dheweke ngece nyang pasar Borno. Kamangka dheweke ijek nyrateni jaran, ijek nguri-uri dhokar. Alat transportasi kuna sing wis diwadani ketinggalan jaman.

Kanggone Munandir masalah kewan aran jaran ambek kreta dhokar, dudu nggur perkara alat transportasi lumrah. Nanging ngandhut nilai budaya mbarek kearifan lokal.

Digelar-digulung pikirane, atine sanggarunggi. Antarane minangkani kekarepane anak–bojone, apa tetep nggegegi pakaryan lawase. Nek kongsi nuruti kekarepane anak–bojo njur piye nasibe “Manggung” jenenge jaran sing diduweni. Dijupukake saka jeneng kuda ndhuk pewayangan. Jaran duweke Prabu Salya sajroning wayang purwa. Dhasar Munandir dhewe pandhemen wayang kulit. Wayang purwa sing basa sastrane endah, filosofine jero banget tebane. Cara agama mono tasawufe level dhuwur. Jadhug.

Apa dhokare arep dilebokake musium. Gedhogan jaran dibongkar nggo kandhang ayam. Jarane nggo kewan klangenan. Munandir urung oleh jawaban mirunggan. Ogak oleh wangsulan gumathok.

Nganti parakesuk pikirane uleng tur rangu–rangu. Ndungkap adzan subuh dheweke lagek netepake keputusan. Tetep ngreksa jaran ambek dhokare minangka alat transportasi tradhisional. Jer atine ogak tega nek kudu ujug–ujug nglereni penggawean sing duweni sejarah mirunggan.

Munandir ogak mbacutake turu, pilih ngrantu manjing subuh jer saka kadohan wis krungu swara tarhim liwat corong masjid. Krekal, tangi tata–tata arep mbudhal menyang masjid. Subuhan ngiras nggolek padhabge ati. Bar subuh tilik sawah dhisik nyethakake tandure sing wis wiwit mbrobot. Jam nenem utawa jam pitu esuk budhal ndhokar. Dheweke pancen nerusake simbah buyute minangka petani. Disambi ndhokar, dene Surti bojone bukak toko pracangan ndhuk ngomah. Mula angger mulih ngusir, saka pasar Borno nyangking blanjan kanggo keperluwane toko pracangan ndhuk ngomah.

Dina kuwi Munandir sida ngangkut beras ambek kacang ijo saka langganane sing wis kangsen sadurunge. Bar ngedhunake penumpang ambek barang dodolan, dheweke nunggu penumpang disambi jigang ndhuk warung kopi. Dhokar ambek jaran dikawar pinggir dalan jurusan Kanor. Sakiki nggur kari dheweke sing ijek setya ndhokar. Ateges siji–sijine kusir sing mangkal pasar Borno. Kanca–kancane sapepadha kusir wis luwih dhisik pilih leren. Pensiun dadi kusir. Munandir dhewe sing ijek nglabuhi tetep dadi kusir. Nglakokake dhokar saka pasar.

Esuk kuwi nggone ngopi pojok pasar warunge mbah Raminten. Kopi asli legendaris. Kopi gorengan dheplokan dhewe, nduweni aroma khas sing nagehi. Nadyan ogak nganggo wifi cara bakul kopi jaman saiki, nanging pelanggane ogak tau sepi. Rame esuk-sore. Malah akeh sing ora keduman njungok kursi. Pilih nggelar sak tipete wadhah palawija.

Munandir ngedhep cangkir kopi ambek ngrungokake jengkerane wong–wong kaya saur manuk. Temane, ngraasani pemerintah ngantek beritane wong apus–apus ndhuk urip kanyatan lan jagat ratmaya.

“Pemerintah ki asline nggur akal–akalan, wong cilik sing susah. Menehi bansos kanggo wong miskin, tapi apa wae dipajegi. Angger–angger pajeg mundhak, pupuk obat obatan angel golekane,” mbah Samingun ngudarasa

“Tapi apa apa gampang mbah,” Rahmat sing njungok nggon lor mangsuli.

“Gampang tapi sarwa larang, sing isa tuku wong sugeh-sugeh. Wong cilikan ngene iki nggur ngowoh,” mbah Samingun ngunggahi rembug.

“Sak jane kanggo wong cilik ya wis dianggarne, mbah. Nanging dikorupsi,” Sadimin sing ajeg sarungan ngeper ambek kethonan mblawus nyaut.

“Lha iki jenenge jaman edan, ewuh aya ing pambudi. Yen ra edan ra keduman.” mbah Samingun methik tembange Raden Ngabehi Ranggawarsita.

“Mula nek rakyate dha seneng apus–apus ya gak usah kaget,” mbah Raminten bakul kopi ambek iwut ngladeni ya melok jengker.

“Wingi tanggaku ya rame kenek tipu. Dhite ndhuk bank gusis kena blithuk ing bensos,” Saridin kandha medsos kleru bensos.

Pacelathon jengkeran warung kopi mesthi seru angger esuk. Munandir dhewe olehe kabar ambek informasi ya saka jengkerane wong warungan. Genah dheweke ha–pe-ne jadhul. Ogak gableg medsos. Ogak tau mbukak yutub apamaneh tiktok.

Karo jedhal–jedhul udut dheweke ngrungokake wong guneman lan rasan rasan. Anggone nunggu kumpule penumpang lengganane ijek durung jangkep. Nerusake njagong warung kopi sing saya seru mbahas kedadeyan-kedadeyan penipuan jro media sosial. Munandir nggleges mesem dhewe, untung dheweke ogak canthuk lawung ambek media sosial. Ogak duwe akun. Ogak duwe nomer rekening. Ogak tau kenek apus–apus pekara dhit. Jer dhuwite diwadahi kresek didokok njero lemari disamarake.

Penumpange wis ana wong telu, tujuane Sembunglor ambek Pomahan. Sawise ngulungake dhuwit kopi marang mbah Raminten. Ninggal papan kono mlaku nyedhaki dhokare. Nedya mlaku ngener ngalor ngulon jurusan Kanor. Momot wong telu, bakul srabi, bakul gethuk ambek bakul sayuran.

Sadalan-dalan padha jengkeran ngalor ngidul. Nek dipirid isine kabeh wujud sesambat. Grenengane wong cilik sing sambat adol asil panen murah nanging sembarang butuhan kayadene elpiji, minyak goreng lan liya liyane tetep nyundhul langit regane. Ndadekake dagangane wong cilik ing pasar tradhisuonal krasa sepi. Wis padha blanja online. Malah eneng sing nyebut ramalane jangka Prabu Jayabaya. Kali wis ilang kedhunge, pasar wis ilang kumandhange. Ya jaman sakiki-iki.

Jaran terus mlaku krenggosan karo nggeret rodha dhokar. Gumerit kaya sambate penumpang sing uripe kebak sesambat bebrayan saben padinane.

Jengkerane bakul sing ora kalah ambek serune wong semimar lan workshop kuwi leren, bareng ambek mandhege dhokar krana salah siji penumpang, Mbok Ngadirah bakul gethuk mudhun ngarep SDN Pomahan.

Dhokar mlaku maneh nepusi dalan padhesan. Kadhang lurus, kadhang menggok ngedhunake penumpang. Ing sawiji kalodhangan swaraklinthingan, tapak jaran bebarengan swara rodha dhokar kaya nyipta wirama lelagon langgam. Ogak beda laku panguripane menungsa kang kebak sambat nanging sawiji wektu guyon ger-geran.

Munandir panggah nyekel lis jaran dikendhaleni kareben lakune lurus anteng ogak mbebayani wong-wong kang padha liwat. Sabab jaman akhir wong mlaku padha adreng oyak–oyakan. Rikat salip–salipan pengen ndang gelis tekan tujuan. Asring ogak mawang keslametane liyan. Jaman akhir geter-patere wong mburu kadonyan gebyare panguripan. Munandir klebu wong sing sareh ambek prasaja ngadhepi laku bebrayan. Kaya lakune dhokar ambek jaran, alon alon waton klakon urip mad sinamadan. Nrima ing pandum kabeh paringane Pangeran.

Wis rong ndina Munandir ogak ndhokar. Langganane penumpang padha nyarawidekake, kenek apa Minandir ogak ngece. Apa lagek nandhang lara, apa duwe keperluan keluarga.

Penumpang setya angkutan dhokar padha kuciwa. Kepeksa numpak ojek apa dene angkutan kendharaan bermotor sing kanggone pandhemen dhokar ora ana nilai senine blas. Keplayu-playu ogak isa sareh sinambi jengker-jengker, sambi guyon ger-geran sadalan-dalan.

Mangkane bareng seminggu ogak ketok kledhange Munandir, penumpang langganane njur sanja menyang Ngemplak, omahe Munandir. Budhal sambang ogak ijen-ijen, nanging rombongan. Wong nenem, nggawa becak motor utawa bentor telu.

Tekan omahe Munandir. Saka kadohan wis ketok dhokare dideleh ngarep omah. Wondene pagedhogan jaran diseleh tembing mburi. Pisah ambek omah lan pawon.

Uluk salam pethuk wong wedok setengah tuwa, Surti, ngatonake praupan suntrut. Eluhe ijek ugung garing. Bareng eneng tamu sing ngabarake Munandir, ambrol maneh tangise.

Wong-wong sing mertamu kaget, genya ditamoni kok malah disuguh tangis. Pathing plenggong sawang-sawangan sapepadha kanca ogak damang apa darunane. Sawetara wektu nembe mangerteni, yen telung ndina kepungkur Munandir wis tilar donya krana lara paru parune nemen.

Sing mertamu melok mewek nangis, padha kelangan kanca sing ngluwihi keluargane dhewe. Kanggone wong-wong kuwi, Munandir, dhokar ambek jarane ogak nggur winates kusir angkutan. Ning wis dadi keluarga kang aweh tumpangan ngiras panglipur. Aweh falsafah panguripan kang prasaja tanpa neka ing tengah owah-owahan jaman kang ngontalake manungsa ing era sarwa grusa-grusu ngoyak gebyar.

Kanggone Munandir iki dadi kanyatan sing paling becik. Ngadhep mangayun marang Pengerane. Pandhesege anak bojone kareben leren ndhokar wis dipinangkani Pengeran. Munandir wis direngkuh Gustine. Wis ogak ndhokar ngetan-ngulon momot penumpange.

Nanging anak bojone padha getun. Keduwung olah apa nglarang ndhokar. Ngapa ndadak anake isin duwe bapak kusir. Kepiye maneh, senadyan digetuni rina wengi Munandir wis ogak bakal bali.

Kanggo nebus kaluputan, anak bojone nedya nglestarekake dhokar ambek jarane. Ora kok digawe ngece, nanging dhokare nedya “dimusiumake” ora bakal didol ngliyan. Jarane arep diingu minangka klangenan nganti sapatine.

Wong-wong ndhuk pasar Borno padha sumedhot atine. Warung kopine mbah Raminten wis gak disaba kusir dhokar. Dina-dina ogak krungu meneh swara klinthingan, tapak tapel jaran, gumerite rodha dhokar sadalan-dalan. Nggur kari kebrebegen swara mesin kendharaan ambek swara rasan-rasan wong kapusan ndhuk jagat ratmaya.

Rampung

Tags: Crita CekakDokarNono WarnonoSastra Jawa
Previous Post

Cerita Bisnis Umi Nuriathul “Doremisol”, Hilangkan Gengsi untuk Memulai Usaha Kuliner Risol

Next Post

Mastumapel Melangkah ke 2026

DOWNLOAD BULETIN MASTUMAPEL

KONTEN POPULER

ESAI BUKU: Membaca yang Merambat

ESAI BUKU: Membaca yang Merambat

30/05/2026
Dari Warisan Keluarga, Kerupuk Klenteng Bojonegoro jadi Warisan Budaya Tak Benda

Dari Warisan Keluarga, Kerupuk Klenteng Bojonegoro jadi Warisan Budaya Tak Benda

23/05/2026
ARSIP KORAN 1980: Bojonegoro Punya 485 Taman Gizi

ARSIP KORAN 1980: Bojonegoro Punya 485 Taman Gizi

15/06/2026
Idul Adha 1447 H untuk Bojonegoro Bahagia

Idul Adha 1447 H untuk Bojonegoro Bahagia

27/05/2026
ARSIP KORAN: Bojonegoro Raih Juara Nasional Insus Kedelai 1992

ARSIP KORAN: Bojonegoro Raih Juara Nasional Insus Kedelai 1992

17/06/2026
Perkuat Identitas Lewat Bojonegoro Wastra Batik Festival 2026

Perkuat Identitas Lewat Bojonegoro Wastra Batik Festival 2026

17/06/2026

Mastumapel.com adalah situs berita online yang menyajikan karya jurnalistik dan fokus pada sejarah, seni, budaya, ekonomi, serta sisi-sisi kehidupan masyarakat Bojonegoro.
Alamat email: [email protected]

© 2023 mastumapel.com

  • Tentang & Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Kirim Konten
No Result
View All Result
  • Home
  • Bisnis
  • Destinasi
  • Mitos & Sejarah
  • Pendidikan
  • Sastra
  • Sosok
  • Crita

© 2023