Mungguh jaman saiki, ani-ani klebu barang langka. Satengahing bebrayan Jawa wis arang sing ana. Yen kepengin ngerti piye wujude kudu sanja menyang musium. Para leluhur Jawa sing akeh akehe makarya dadi among tani ninggali piranti kanggo panen pari. Piranti sing wujude memper lading lan diwenehi gagang cekelan iki diarani ani-ani. Wujud lan carane nggunakake iku mung prasaja wae. Nanging ing suwalike wujude kang prasaja (sederhana) iku jebul ngandhut piwulang luhur sing diwarisake marang generasi anyar.
Ujare kandha ani-ani mbiyen kanggo mulyakake Dewi Sri, dewine pari. Panen pari ora ilok yen nganggo arit landhep mingis-mingis. Para sesepuh banjur gawe piranti mligi kanggo magas gagang pari. Piranti iku jebul dirancang mirunggan kanggo manen pari ing sawah.
Kayangapa sing ingaran ani-ani kuwi? Satemene sing diarani ani-ani iku wujud lading tipis sing landhep kanggo munggeli gagang pari siji mbaka siji. Piranti iku dumadi saka pokok loro, lading labdhep lan gagang cekelan. Ladinge cilik, dawane 5 nganti 10 sentimeter. Gagang cekelan dawane 15 nganti 30 sentimeter. Jaman kuna lelandhep kang kanggo munggeli gagang pari mung nganggo welat (lading saka kulit pring).
Bareng wis tepung teknologi logam, welat diganti lading wedi utawa wesi dilapis waja sing luwih landhep lan awet. Gagang cekelane digawe saka pring utawa kayu sing atos, jinise jati utawa mahoni. Antarane gagang karo ladhing landhep disambung nganggo penjalin, kayu, utawa tali serat rami.
Piranti iki dirancang cilik amrih bisa dicekel tangan siji. Posisi lading digawe rubuh (horizontal) sawetara gagang cekelan ngadeg jejeg (vertikal). Carane nggunakake ani-ani, digegem nganggo driji jenthik, manis, lan tengah. Driji panuduh dienggo narik wulenan pari. Nalika gagang pari nyedhak, lading landhep nugel gagange pari. Gagang pari dikethok wiwit sawuli, rong wuli, telung wuli lan sateruse.
Pari sing wus tuwa siap dipanen isih tumemplek ing gagang pari banjur ditumpuk. Sawuse wulenan pari iku antuk sagegem kudi ditaleni. Pari sagegem sing wis ditaleni iku banjur diarani sagedheng. Pari sing wis digedhengi digawa mulih. Carane nggawa mulih kanthi dipikul. Sawise dipepe garing, gedhengan-gedhengan pari iku bisa disimpen ing njero omah ing papan ndhuwur kayata blandar, utawa dilebokake lumbung.
Serat Centhini
Wiwit kapan wong jawa nggunakake ani-ani? Ora ana katrangan gumathok. Ana pangira-ira piranti kasebut digunajake wong Jawa wiwit jaman kuna. Ani-ani rapet gegayutane karo dongeng tumurune Dewi Sri. Kawedhar ing Serat Centhini. Disebutake saweneh paraga jeneng Ki Ajar ngandharake marang paraga Jayengsari ngenani Dewi Sri sing isih dipercaya nganti jaman kuwi tahun 1742 Saka (1814 Masehi). Ateges ani-ani wis ana ing madyaning bebrayan Jawa watara abad XVIII.
Mitos ngenani tumurune Dewi Sri iku urip ing madyaning bebrayan Jawa. Alur dedongengane beda-beda. Salah siji crita wayang kang nggambarake tumurune Dewi Sri iku bisa disinau saka Serat Medale Hama-Hama sing nggambarake wiwit anane tanduran pari uga jumedhule maneka ama tanduran.
Lelakon Medale Hama-Hama nyritakake Bethara Karung Kala sing kedhawuhan Bethara Guru ngupadi gamelan Prakethaprak ung ngarcapadha kanggo syarat nggarwa Dewi Luhwati. Bethara Karung Kala kalilan nadhah kalamangsa wong sukerta. Ketemu Bethara Wisnu lan Dewi Sri sing lumampah ing wanci bedhug tengange dianggep klebu wong sukerta. Bethara Wisnu digetak kabur. Karungkala mbujung lakune Dewi Sri nganti disedakake ganti wujud celeng tekan Praja Medhang Kamulan.
Ing tembene Dewi Sri nyawiji ing tanduran pari bareng karo Sri Pitu kang dadi sumber pangane manungsa ing Tanah Jawa. Pari iku panjelmani Dewi Sri, mula tanduran pari lan wohing dami kudu diaji-aji.
Kanggo mulyakake Dewi Sri, panen pari ora kena sembarangan. Pirantine digawe sing alus, dudu arit utawa clurit sing katon landhep. Buliran utawa gagang pari sing wohe wis kuning emas dipunggeli siji mbaka sajuga. Amarga nggunakake ani-ani, manen pari cara ngene iki banjur diarani ngeneni pari. Pari ora kena dirampet ampyak awur-awur. Sing ngeneni kudu sing wis mentes temenan siji mbaka siji. Sing isih enom ditinggal dhisik lan dipanen maneh liya dina sawise wulen pari mau tuwa temenan.
Panen pari nganggo ani-ani mung ngethok pucuking gagang wulenan pari. Sawetara damen pari dawa tetep ditinggal ing kedhokan sawah.
______________
Sumber wacan: Jaya Baya lan buku Serat Centhini









