Aliran kebatinan ing Indonesia (khususe Jawa) kaperang ana 5 (lima), miturut bukune H. Murtadho kanthi irah-irahan “Islam Jawa”. Kalimane aliran mau antara liya: Aliran kebatinan sing sumbere saka agama kang disahake pemerintah, aliran keyakinan sing nduweni dhoktrin dhewe minangka ajarane, aliran kebatinan sing tuking saka adat-istiadat utawa nenek moyang, aliran kebatinan sing condhong marang politik, lan aliran kebatinan kang asipat pribadhi sowang-sowang.
Tumangkare panggilut kejawen, kebatinan, aliran kepercayaan kang asring disebut “Islam Jawa” sayektine nggawa keuntungan mirunggan tumrap bebrayan. Kabudayan Jawa kang kuwawa nggugah rasa kayadene seni wayang kulit kang nggambarake pribadhi lan nafsune manungsa, maneka warna tembang, sarta karya sastrane para pujangga kang ngedab-edabi mungguhing bebrayan.
Ngrembakane kahanan mau sayekti kongang nuwuhake katentreman yen dikedhuk kandhutan maknane (velieu). Ana nilai ketuhanan kang cundhuk kambi ajaran Islam kanggo nggayuh makrifat, ngenani nafsu, ilmu sejati, ngudi kabagyan lan sapinunggalane.
Nanging ora kabeh panggilut kejawen (kebatinan) njupuk saka sumber Islam. Mula kanggo panggilut kebatinan utawa aliran kepercayaan sing wis ngrasuk Islam gelema nindakake ajaran syariat tuntunan ing agamane. Gelem ngakoni lan ngyakini yen ajaran “Agama Langit” (samawi) kang diturunake dening Gusti Allah wiwit Nabi Adam engga Nabi Muhammad iku sejatine mung siji, yaiku Islam.
Mula kanthi geleme para penggilut kebatinan nindakake syariat Islam bisa kanggo tuladha marang putra wayah sing isih cilik-cilik. Jer nora prayoga yen bocah kang isih cilik-cilik mau digulawenthah ngenani olah rasa lan olah kebatinan.
Syareat tanpa hakekat (kesejatian) ora bakal anjog
Tumlonjonge bisa keconggah nandukake lair lan batin kang satraju, setimbang ora botsih. Kaya kang nate dingendikake tokoh sufi: “Syareat tanpa hakekat (kesejatian) ora bakal anjog, suwalike hakekat tanpa syareat ingaran zindiq (sombong)”.
Yagene sasuwene iki ana konflik antaraning panggilut agama Islam kang taat (linandhesan syareat) karo panggilut “Islam Jawa”? Alesane, aliran “Islam Jawa” (Kejawen) katone kaya sinkretis kang nggabungake maneka warna nilai budaya kelawan agama. Saliyane iku watake “Islam Jawa” asipat “istana centris” saengga kabiji kadidene feodalistis utawa kolot.
Eksistensi “Islam Jawa” sanadyan uga nuwuhake konflik, sejatine nduweni kaluwihan kang nengsemake. Nduweni watak luwes ing antarane paham- paham Islam sandonya kang keras lan radhikal. “Islam Jawa” duweni karakter kaya apa kang wus katindakake dening para Wali Sanga kang slaras kambi kahanan lan jamane.
Ing jaman globalisasi kang raket klawan pluralisme, modhel “Islam Jawa” bisa dicakake kanthi becik slaras karo realita owahing peradaban.
Ing donyaning spiritual ana semboyan “spirituality yes, organized no”. Jargon mau nelakake ghirah makantar ing babagan spiritual sing ora asipat baku, kaku, resmi lan diatur-atur. Amung linandhesan ngudi karahayon, lan katentremaning ngaurip ndonya ndelahan.
Ngrembakane kajian-kajian spiritual-tasawuf, thukule tradhisi dzikir lan wirid kolosal, sarta istighasah dadi pralampita yen manungsa ngelak (haus) kajaten (ngelmu kang sejati) kanggo dalan tumuju kelanggengan. Jalaran panguripan wus nggrangsang gebyar kadonyan, saengga lali marang kebutuhan rohani tuwin nurani.
Saka andharan ing ndhuwur bisa digawe dudutan, ana empere (kemiripan) antarane panggilut “Islam Jawa” (kejawen/kebatinan) karo nuansa tasawuf kang nengenaken rasa. Nunggal karep, kanggo nggayuh keslametan ndonya-akherat tumuju marang Gusti Allah kang ngobetake ndonya saisine.
Nono Warnono, Pangarsa Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB)









