Mastumapel
No Result
View All Result
  • Home
  • Bisnis
  • Destinasi
  • Mitos & Sejarah
  • Pendidikan
  • Sastra
  • Sosok
  • Crita
  • Home
  • Bisnis
  • Destinasi
  • Mitos & Sejarah
  • Pendidikan
  • Sastra
  • Sosok
  • Crita
No Result
View All Result
Mastumapel
No Result
View All Result
Home Crita

Pasa: Antaraning Religi Lan Tradhisi

Nono Warnono
11/03/2025
Pasa: Antaraning Religi Lan Tradhisi

Bedhuk, salah satu ciri khas masjid di Jawa/Sumber: MUIJatim

Wus dingerteni dening lumrahe masyarakat Indonesia, mligine bebrayan Jawa ngenani ibadah pasa Ramadhan kang diwajibake syarengat agama nanging cak-cakane uga sesambetan klawan ritualtradhisi lan budaya leluhur. Mula ora aeng yen ana organisasi keagamaan sing merdeni trap-trapane syarengat agama Islam kang “membuni” mau ingaran kadidene Islam Nusantara.

Bebrayan Jawa uga wus ngaweruhi yen mlebune agama Islam lan cara dakwahe sasuwene iki nggunakake tradhisi lan budaya kadidene srana. Jer nalika semana masyarakat isih adoh saka kapitayan agama Islam. Lakar masyarakat isih luwih ketungkul lan kesengsem tradisi-tradisi kang adoh saka kapitayan. Condhong kambi animisme banjur ngambah dinamisme. Mula para wali tanah Jawa nggathukake dakwah agama kang nembe ditindakake mawa srana tradhisi lan seni budaya. Kayadene dakwah lumantar seni budaya wayang purwa, lelagon utawagendhing, macapatan, lan sapanunggalane.

Model dakwah kaya kang dicakake dening Wali Sanga mau pancen luwih mathuk. Strategi kang nylarasake kahanan tata panguripan lingkungan masyarakat lokal. Datan lelawanan karo tradhisi lan budaya kang dirasuk dening mayoritas masyarakat Jawa. Awit yen kongsi ajak-ajak dakwah mau lelawanan karo tradhisi lan seni budaya masyarakat, tamtu tundhone bakal gagar wigar tanpa asil.

Luwese cara dakwah kang nylarasake klawan adat kebiasaan masyarakat, tradhisi, sarta budaya mau isih krasa nganti saiki. Saengga Islam saka laladan Arab bisa nyawiji (terintegrasi) klawan tradhisi lan budhaya Jawi. Nadyan saperangan penganut Islam garis keras nuding cara dakwah ngono mau ingaran TBC (tradhisi, bid’ah, lan kurofat). Panemu mau ora kabeh sarujuk krana agama kuwi nduweni nilai toleransi. Sing padha pro-kontra ngenani paham agama pancen wis dumadi wiwit jaman Kanjeng Nabi, sokabat, tabi’in engga tabiut tabi’in. Mula beda panemu (khilafiah) mono prakara kang ora wigati digedhek-gedhekake. Jer beda panemu lan beda faham mono kadidene rahmat saka Pangeran kang kudu disyukuri dening pangrasuk agami.

Pasa ing Nusantara

Salah siji ibadah kang krasa disartani tradhisi budaya yaiku pasa utawa siyam ing wulan Ramadhan. Ibadah pasa ing Nusantara, mligine etnis Jawa kang prabeda karo ibadah siyam ing negara liyane. Yen ing negara liya, mirunggan ing kawasan Arab pangecake (implementasi) mligi ibadah pasa lan ibadah-ibadah sunah ing wanci dalu. Ing masyarakat Jawa, pasa diwiwiti kanthi maneka tradhisi kayadene bersih makam (reresik kuburan) minangka pakurmatan lan kupiya mulyakake para leluhur kang wus jenat (swargi). Ngiras mapag sasi Ramadhan kang kebak rahmat lan maghfirah. Iki uga prastawa mligi kanggo pepeling, yen yekti lawas enggala manungsa bakal bali mring Gustine.

Sakliyane iku uga ana tradhisi kang wus mbudaya ing samadyaning bebrayan Islam Jawa, yaiku tradhisi “megengan” kanthiacara gawe brekat ing takir kanggo kenduri slametan (kirim donga). Sacara harfiah, megengan dumadi saka tembung lingga “megeng” kang surasane ngendhaleni (menahan). Lire, kanggo ngadhepi sasi pasa wong kudu gladhen nahen nepsu (menahan hawa nafsu) kaya werdine tembung pasa utawa siyam kang mengku makna meper hawa nepsu.

Saka kene ana rantaman kaendahan kang winawas saka aspek religius lan wernane tradhisi dadi siji.  Minangka  momentum ritual pangibadah kang rinengga nilai-nilai  tradhisi lan budaya. Ritual lan ibadah kang wus “membumi” manunggal klawan tradhisi kadidene warisan aji saka para nimpuna ing jaman kawuri.

Saliyane iku, ana uga pernik liyane kang ngrenggani ibadah siyam nalika wancine gugah saur. Regenge swasana mangan saur direnggani kanthi “oprak” nabuh kenthongan saperlu nggugah umat Islam kang arsa nindakake ibadah pasa. Ada-ada kang wektu akhir-akhir iki ora mung trima nuthuk kenthongan kewala, nanging wus ngalami owah-owahan nut jaman kelakone yaiku nganthi nggawa pengeras suara. Ing daerah tartamtu malah ana sing nganggo sound horeg. Sound gedhe sing diubengake kampung nganggo kendharaan.

Ing pungkasan pasa Ramadhan isih ana tradhisi “maleman”, acara kirim donga ing wengi ganjil sepuluh dina pungkasan sasi Ramadhan. Malem selikur nganti malem sanga. Tradhisi iki ngombyongi werdine malem ganjil kang dening saweneh riwayat ana potensi tumurune Malam Lailatul Qodar. Wengi kang pengaji sewu wengi ing wektu liya. Uga anane katrangan tumurune malaikat ing bumi, saengga swasana krasa anteng lantentrem.

Upacara wanci maleman mau, umat Islam padha kirim donga maneh. Padha gawe berkat panganan kanggo kirim donga marang arwah para leluhur kang wis sumare ing ngalam kelanggengan. Ngiras dikirimake para kulawarga lan sanak kadang, minangka paweweh genti-genten. Jaman cilikane penulis, maleman ditengeri kanthi acara nggawa ambeng utawa berkat ngumpul menyang bale desa utawa daleme mbah lurah ndungkap wektu magrib. Sawise didongani mbah modin utawa kiai kang piniji, berkat diporak dipangan bareng-bareng. Bancakan bebarengan kanthi rasa seneng kebak kanikmatan, kepara ana kang ijol-ijolan ambeng. Jer kepengin incip ambeng kang beda-beda uba rampene. Witekna nalika semana, ambenge ora mung rupa sega putih (sega beras), nanging uga ana kang wernane sega jagung. Semono uga lawuhe, wujud kulup-kulupan maneka warna. Ketambahan iwak pitik utawa dadar endhog, lan liya-liyane.

Edukasi lan werdine nilai tradhisi budaya Jawi kang dileluri ing momentum kasebut, tuhu banget wigati lan edi peni. Iba  ing acara maleman mau ana “komunikasi” wujud interaksi antarane wargamasyarakat, ngulama, lan panguwasa ing tataran lokal. Tradhisi lawas kang pantes lamun ajeg dikemonah kanthi ngleluri kadidene ritual kang gegayutan klawan swasana religi.

Tags: Esai Bahasa JawaIslamNono WarnonoRamadhanRamadhan Nusantara
Previous Post

Bojonegoro Kini Punya Gedung Pusat Informasi Geologi (PIG) Geopark, Apa Tujuan dan Kegiatannya?

Next Post

Ajun Pujang Anom, Mendidik Karakter Anak Lewat Sastra Jawa  

Tinggalkan Balasan Batalkan balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

DOWNLOAD BULETIN MASTUMAPEL

KONTEN POPULER

Peringati Hari Kartini 2026, Perpustakaan Unugiri Gelar Talk Show Woman Campus in Kartini Days

Peringati Hari Kartini 2026, Perpustakaan Unugiri Gelar Talk Show Woman Campus in Kartini Days

21/04/2026
Peringati WPFD 2026, AJI Bojonegoro Gelar Diskusi Merawat Kemerdekaan Pers untuk Publik

Peringati WPFD 2026, AJI Bojonegoro Gelar Diskusi Merawat Kemerdekaan Pers untuk Publik

04/05/2026
Cerita Pengalaman Berkunjung ke Pak Hoery, Penulis Sastra Jawa di Padangan-Bojonegoro

Cerita Pengalaman Berkunjung ke Pak Hoery, Penulis Sastra Jawa di Padangan-Bojonegoro

26/04/2026
Bahasa Jawa dan JFX Hoery

Bahasa Jawa dan JFX Hoery

30/04/2026
Bertemu JFX Hoery: Menimba Ilmu, Membawa Pulang Bahagia

Bertemu JFX Hoery: Menimba Ilmu, Membawa Pulang Bahagia

12/05/2026
AJI, KPI, dan GMNI Bojonegoro Gelar Aksi Damai Peringati Hari Kartini di Depan Kantor DPRD

AJI, KPI, dan GMNI Bojonegoro Gelar Aksi Damai Peringati Hari Kartini di Depan Kantor DPRD

21/04/2026

Mastumapel.com adalah situs berita online yang menyajikan karya jurnalistik dan fokus pada sejarah, seni, budaya, ekonomi, serta sisi-sisi kehidupan masyarakat Bojonegoro.
Alamat email: [email protected]

© 2023 mastumapel.com

  • Tentang & Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Kirim Konten
No Result
View All Result
  • Home
  • Bisnis
  • Destinasi
  • Mitos & Sejarah
  • Pendidikan
  • Sastra
  • Sosok
  • Crita

© 2023