Gumantine pengurus anyar Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB) ditengeri kanthi kepyakan “Pasamuwan Agung PSJB” kang diadani dina Sabtu, 15 Pebruari 2025, mapan ing Aula PMI Bojonegoro Jl. Sawunggaling kanthi agenda pengukuhan pengurus anyar lan sarasehan sastra Jawa.
Adicara kasebut dirawuhi dening Kepala Balai Bahasa Propinsi Jawa Timur (BBJT) Dr.Umi Kulsum, M.Hum. saperlu ngukuhake pengurus anyar PSJB kang disuhi dening Suwarno, kang asring diundang Nono Warnono.
Wiwit madeg sepisanan 6 Juli 1982, Sanggar Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB) ora nate gothang saka kepengurusan. Wiwit sepisanan dipangarsani dening Moh. Makloem (1982-1999), J.F.X Hoery (1999 – 2024) nganti kepengurusan anyar periode 2025-2029. Nadyan ana kalane makantar-kantar kiprahe, ing wektu tartamtu rada kurang grengseng.
Kepala BBJT ing ndalem sesorahe asung pangalembana marang isih gumregute komunitas sastra Jawa, klebu PSJB, kang isih setya ngleluri basa lan sastra Jawa nadyan kanthi cara mandhiri. Balai Bahasa lan Badan Pembinaan lan Pengembangan Bahasa arep terus nganakake pembinaan lan pengembangan sastra daerah nadyan wektu iki nembe ana efisiensi anggaran sing mangaribawani lakune kabeh lembaga negara.
Rampung paring sambutan Kepala BBJT terus dianakake pengukuhan pengurus sacara simbolis marang Suwarno (ketua), Haryanto Abdullah (wakil ketua), Gampang Prawoto (Sekretaris), lan Emi Sudarwati, (bendahara). Sarta dieloni dening kabeh pengurus kang wus disusun sadurunge.

Sekawit pepanggihan arsa dibukak dening Bupati Bojonenegoro Adriyanto, nanging krana bebarengan agenda kedinasan liyane, banjur disesulihi dening Kepala Dinas Penanaman Modal dan Pelayanan Terpadu Satu Pintu Kabupaten Bojonegoro, Budiyanto. Ing sambutan kang diwiwiti kanthi nembang dandanggula, priya kang sedina sadurunge acara isih ngasta Kepala Dinas Pariwisata dan Kebudayaan (Disbudpar) iki nelakake rasa syukur lan matur nuwun marang PSJB kang terus njaga lestarine sastra Jawa, jalaran sastra Jawa nepungake sejarah lan identitas bangsa.
Ing perangan liya, ketua PSJB kang anyar ngandhakake yen PSJB periode iki njembarake keanggotaan, krana penguruse lan anggotane ora mung saka Bojonegoro wae, jalaran ana kang saka Cepu, Tuban lan Lamongan. Nyenggol bab program, ditandhesake yen program kang wus disusun antara liya konsolidhasi organisasi, nggrengsengake basa lan sastra Jawa ing sekolahan, nerbitake buku karya sastrawan PSJB, lan nyengkuyung program pemerintah lumantar lomba-lomba lan sarasehan.
Pasamuwan ageng kang rinengga swara nganyut-anyut seni cokekan “Rengganis” Disbudpar mau lumakune krasa jangkep jalaran karawuhan para penggagas adege PSJB lan generasi kawitan kang wus banget sepuh yaiku, Sunawan Prasidhayana, lan Lasimin Isnur Sukmana. Wondene Yusuf Susilo Hartono kang manggon Tangerang, melu mangayubagya sacara daring.
Rampung adicara pengukuhan pengurus, pepanggihan diterusake kanthi sarasehan sastra Jawa ing sangarepe pasarta kang diulemi kanthi winates udakara 70 wong saka maneka kalangan. Wiwit saka anggota PSJB, guru ing MGMP basa Jawa, pegiat media, komunitas sastra seni budaya, nganti dinas instansi terkait (Dinpora, Perpustakaan Daerah, Dinas Pendidikan, Cabang Dinas Pendidikan, Kominfo, nganti Bakesbangpol).
Salah sijine narasumber saka unsur pemerintah Kabupaten Bojonegoro kang disesulihi dening Kepala Badan Kesatuan Bangsa dan Politik (Bakesbangpol) Bojonegoro, Mahmudi, nelakake yen pemkab liwat Bakesbangpol siap kolaborasi karo sastrawan basa Jawa kanggo njaga nilai kepahlawanan lan kebangsaan lan ngleluri warisan adiluhung.

Bapak J.F.X Hoery kang luwih asring diudang Mbah Huri, sacara runtut nryritakake lair lan kiprahe PSJB wiwit madeg nganti ambal warsa kaping 43 ing taun 2025 iki. Wondene narasumber Dhanu Priyo Prabowo saka Balai Bahasa Yogjakarta maparake wigatine komunitas sastra Jawa ing satengahing dinamika behrayan kebak tantangan. Dibutuhake kekuatan kanggo ngemonah organisasi.
“Salah siji kekuatan PSJB iku ing perangan mbangun rasa paseduluran sajroning komunitas” tandhese nyuplik makalah kang diasta.
Ind sesi diskusi karo pengarang-pengarang PSJB, tumanggape pasarta kang dimoderatori Herry Abdi Gusti lan Agus Sighro Budiono iku antusias banget. Ana Nono Warnono, Gampang Prawoto, J.M.V Sunarjo, Ajun Pujang Anom, lan Nanang Fahrudin saka unsur jurnalis lan media.
Semangat ngrembug sastra Jawa ing jaman digital iki pancen banget narik kawigaten para audien. Katitik wektu pasamuwan kang kudune rampung jam 4 sore nganti molor ngliwati jam kang ditemtokake, krana akehe usul lan pitakonan saka peserta.
Ing pungkasane pepanggihan, Masgampang Prawoto macakake Geguritan “Pring Kuning” kanthi penjiwaan ekspresif. Adicara dipungkasi mawa hastungkara bebarengan karo kabeh pasarta sarasehan.
Iba endahe Pasamuwan Ageng PSJB mapag ambalwarsane kang kaping 43 ing sasi Juli 2025 bisa nambahi grengsenge ngleluri warisan aji.









