“Mbak, mbak pean diceluk bapak,” ujare Cila karo mbake.
“Husss, ora diceluk tapi ditimbali,” Kani ngandhari Cila. Cila takok karo Kani, “Kenek apa nganggo ditimbali ogak diceluk?”
“Karo wong tuwek iku kudu basa sing sopan,” Kani ngomongi Cila. Cila nyemauri, “Ooo ngono ta mbak. Kae bapak neng ngguri. Cepet ndang gage, selak didukani, kok tambah ngejak ngecipris ae.”
“La ngono pinter. Wis ngerti tembung didukani. Sing penting dieling-eling, aja nganthek kleru,” omonge Kani karo ngacungna jempol loro. Sakwise iku, gagenan Kani nang ngguri omahe mbahe.
Neng ngguri omah, bapak iwut njukuki colok. Kani ndelok saka kadohan. Weruh Kani meneng ae. Bapak nyeluk ben nyidhek. Sakwise mara, bapak trus kandha ngene, “Kene ngewangi bapak njabuti colok. Ben gak nganggu wong liwat.”
Merga gumun Kani takok, “Apai ki pak? Kok koyok obor.”
“Lo pean dheknane gak ruh ta pas dipasang?” bapake takok.
“Gak pak, kan aku neng omahe budhe.” jawabe Kani. Bapak trus ngandhari, “Colok iki ya obor utawa oncor. Biyasane dipasang pas malem sangalikur. Neng omahe budhe, apa ora masang?”
“Sik sik takeling-eling,” Kani mangsuli. Krungu omongane Kani, bapak nyaut, “Lo lo ijek cilik, kok wis lalenan. Saiki Ngat, Minggu, kan lagek rong dina.”
“Koyoke tanggane budhe didekek neng pinggir ratan, ora masang ubenge omah,” Kani nyemauri. Bapak trus ngandhari, “Padha ae. Pancen enek sing masang sakubenge omah, enek sing neng pinggir ratan.”
“Gunane apa ta pak, masang ngenekan?” Kani takok meneh. Bapak njawab, “Jerene simbah, iku pralambang utawa tandha ben awake dhewe tansah eling marang wong tuwek lan njaga ibadahe.”
“Caramana gak nganggo ngonokan piye pak?” Kani takok bapake. Bapak mangsuli, “Iya ora papa. Tapi iki kan tradhisi awake dhewe. Tujuwane apik. Tansah eling mbek dongakna kulawarga sing wis kapundhut. Sakliyane iku dadi tandha nek wis ape riyaya. Karo uga ngraketna sanak sedulur tangga teparo. Kan nek nggawe bareng-bareng, ndekeke iya bareng-bareng.” Krungu ujare bapak, Kani takok piye carane nggawe.
Bapak trus ngandhari carane nggawe colok. Nek jaman biyen colok digawe saka pring, padhakaro nggawe oncor. Biyasane saka gombal utawa kain sing wis amoh, trus digubetna pring, sing wis dikethok sakukurane driji dawane saklengenan. Bar iku diwenei lenga gas (minyak tanah) trus diobong. Nek saiki golek gampange, isa nganggo teplok.









