Ramadhan wis bar ditengeri ambek pasane rampung, idul fitri teka wayahe mapag momentum riyayan, bada, utawa lebaran. Ogak angger negara eneng acara lebaran unjung-unjung bar shalat ied ngono maeng. Adicara turun-temurun kang wis dadi tradhisi masyarakat Indonesia minangka kearifan lokal (local genius). Kesugihane negara wujud warisan (legacy) tak bendha kang gedhe pengaribawane kanggo ngundhakake ajine manungsa.
Ndhuk negara asale, idul fitri nggur sicok acarane, sembahyang tanpa eneng ritual adat liyane pasca shalat riyayan. Shalat ied nggo tandha nek pasa Ramadhan kuwi wis bar, genten tekane 1 Syawal. Sasi kadidene wektu kinen ngundhakake amalan becik sakbare nahen lesu lan ngelak ndhuk rikala siyam ing syahru Ramadhan.
Lebaran Mangaribawani Tradhisi, lan Sosial Ekonomi
Lebaran, unjung-unjung uga ingaran silaturahmi ogak nggur perkara amal ibadah ambek ngleluri tradhisi warisan leluhur. Luwih saka kuwi, bada uga nggrengsengake maneka dimensi thek kliwere panguripan. Genah kenthel kambi dimensi sosial, jer saandhug wong sugeh sing adreng sedekah ambek wong mlarat sing uripe kecingkrangan. Wong-wong gelis ngikis ego, ndadak dadi loman, ogak muk jengkeran thok nanging jugak tumindak ngamalake (action).
Ogak nggur kuwi, sektor ekonomi katut melok terdhampak prodhuktif. Industri garmen, panganan, elektronik, engga perbankan padha grengseng nganakake transaksi.
Budaya mudhik uga menehi sawab efek domino tuwuh ngrembakane ekonomi. Putere dhuwik ogak nggur ndhuk kutha wae, nanging uga mahanani penguripan ing ndesa-ndesa. Saengga rasa bagya mulya isok dirasakna kabeh masyarakat enom tuwek, sugih mlarat, kutha ndesa komplit isa ngrayakake unjung-unjung lebaran tanpa mawang bedane kasta.
Kupat Lepet : Sipat Papat, Lebar, Lebur, Luber, lan Labur
Lebaran ncen duwe magnet gedhe kang mrebawani bebrayan Nusantara. Ogak aeng jer istilah lebaran saka Waliullah ing Tanah Jawa diwerdeni kebak simbol lan pralampita. Lebaran kadidene laire rasa syukur mrong Gusti Allah, lumantar pralambang panganan kupat lepet.
Kupat mengku pralampita panguripan, wondene leper asung pratandha pralaya (kematian). Bimakna, urip ing ndonya iki sugih mlarat, jaya apa cintraka, penggedhe apa rakyat jelata, ora antuk katalompen lali marang tekane pati.
Kupat dibungkus janur (ja’a nurun), jatining nur/cahya, yakuwi lambang panguripan kang dibungkus kanthi ati resik jer wis mari tirakat pasa ing sasi Ramadhan.
Nut tradhis lan budaya Jawa, kupat uga isa dimaknani laku papat yaiku lebar, lebur, luber, lan labur.
Lebar mengku surasa wis bar netepi kuwajiban pasa ambek cara kang bener nut syariat kang ditetepake.
Lebur nduweni teges wis dibusek dosa kaluputane ing mangsa kepungkur dening Gustigung. Wus diapura krana manekung istiqfar njaluk sepura rina mbengi tanpa kendhat.
Luber nduweni makna amber ganjaran amal ibadahe (melimpah ruah). Parandene labur, artine wus resik badane sapandurat tur suci atine nalika mlebu ing sasana lan swasana idul fitri.









