Mastumapel
No Result
View All Result
  • Home
  • Bisnis
  • Destinasi
  • Mitos & Sejarah
  • Pendidikan
  • Sastra
  • Sosok
  • Crita
  • Home
  • Bisnis
  • Destinasi
  • Mitos & Sejarah
  • Pendidikan
  • Sastra
  • Sosok
  • Crita
No Result
View All Result
Mastumapel
No Result
View All Result
Home Sastra

Crita Cekak Jonegoroan Dening Nono Warnono: Ngutil

Nono Warnono
17/09/2024
Crita Cekak Jonegoroan Dening Nono Warnono: Ngutil

Ilustrasi/sumber: pexels

Mboh gak roh piye kawitane. Ujug-ujug Karsun ngeplaki cah wedok cilik ndhuk ngarep pasar Borno, ambek dijambak diseret-seret. Swarane misoh-misoh ambek ndremimil kaya wong kesurupan. Ngunen-uneni cah wedok sing ditudhuh nyolong dagangan njero bedhag pasar.

Bocah sing dikeplaki nangis ndrenginging sambat kelaran. Rambut sing dijambak malih madhul-madhul ora karuwan. Ngantek nutup rai, gak ketok piye rupane.

Wong-wong umyeg ngarep pasar sing ndelok kedadeyan maeng. Gemrudug ngebyuk sumber prastawa. Rame-rame menggak polahe Karsun sing ngawur. Nek ngantek kebanjur banjur isa mbebayani. Malah wong-wong njero pasar mak brubul melok ndelok ambek dha takok. Mertakne eneng kedadeyan apa? Kok ngantek eneng cak wedok cilik dikeplaki.

Sarip juru parkir pasar sing angger esuk njaga kono, gelis nyandhak lengene Karsun.  Digeret ngadoh. Misah ambek bocah wedok umur wolung taunan. Sing diruhi jeneng Marpuah. Wis lumrah diweruhi, angger esuk ngetut tanggane sing mbudhal pasar. Ora siji loro sing wis tau digandholi. Dieloki nginthil. Kadhang melok muleh bareng sekawit, kadhang muleh dhewe.

Marpuah wis eneng sing ngejak mulih. Bali nyang omahe. Sing isih rame kasuse Karsun dikruyuk wong ngakeh.

“Kenek apa cah cilik mbok keplaki. Kok jambak-jambak rambute!” ditarap Sarip kambi napas krenggosan.

“Cah cilik wis wani nyolong barang liyan. Dagangan dhasaran njero pasar diorat-arit. Nek gak dikeki pelajaran mundhak tuman!” wangsulane Karsun ambek nggegem tangan.

Getem-getem ketok emosi. Kamangka nek gak dipisah, Sarip sido digembuki massa. Lakar wong-wong sakpasar wis ngepung ambek nuding-nuding.

“Lha kowe gak gableg bukti nek cah kuwi ngutil daganganem leh!” mbledig pitakon ambek mripat menciring.

“Eneng buktine!” wangsulane cekak.

“Mboyak, ngendi buktine?!” didheseg pitakonan gelis glageban.

“Ijek ndhuk njero tas-e Marpuah. Bar ngutil terus cepet-cepet didhelikne tas rangsel kumel sing dicangklong” kandhane adreng.

“Jal critakna piye kronologine, kok alesanmu nggedabrus sakandhug,” prentahe Karsun ndheseg.

Ngerti padudon nganggo swara banter, Karsun ditekani wong akeh. Padha nggrombol etan pasar. Melu ngrungokne tukar padu kang saya seru. Isih udreg bab bocah wadon sing dikeplaki esuk mau.

“Bedhagku lagek takbukak esuk maeng. Akeh wong ndelok ape tuku. Marpuah saka mubeng pasar, melu ndelok. Klambi ukuran bocah langdhung disaut mlebu tas. Ogak mbayar, langsung klepat ngilang. Tak godhag. Kecekel. Tak keplak, tak jambak.” Critane Karsun pegat-pegat megeng ambegan.

“Kudune kowe paham. Cah yatim kuwi urung ngerti. Nyolong kuwi salah. Kudu kaya dituturi dhisik. Dielengna, ora kok terus dikeplaki sak kayange.” Panyaruwene Sarip sing dianthuki wong-wong ndhuk kono.

Karsun njegidheg. Meneng ngrasa luput. Pedagang kain kuwi ncen getapan. Temperamental. Dagangan macem-macem klambi, rok, jilbab ukuran bocah. Manggon tengah pasar Borno. Bedhag sing dienggoni ogak asline. Olehe nggenteni duweke wong. Ijek anyaran. Durung pati wanuh ambek pedagang-pedagang liyane.

Jebul anggone nandangi bocah ngutil esuk kuwi urusane dawa. Keluargane Marpuah ogak nrimakake. Rame-rame nglabrak menyang omahe Karsun sing klebu tangga cedhak. Nunggal desa, nunggal dhusun. Ditarap, diclathu entek ngamek, kurang golek.

“Pean gerang gaplok, gampang mara tangan ambek cah yatim sing kudune direngkuh. Nek ngutil colong jupuk ya kudune dituturi. Ora kok langsung dijambak dikeplaki.” pangundamana Darsih mboklike Marpuah.

“Tuman yu nek gak diajar!?” tumanggape atos.

“Kuwi lek sing ngutil wong dhiwasa. Iku bocah gung ruh tumindak ala. Gung ngerti laku dosa.” ngunggahi omong swara banter, Darsih malangkerik.

“Cah umur semono kudune wis paham, nyopet kuwi dosa” ngengkeng ngluputake.

“Kuwi rak cah normal. Iki bocah yatim kathik rodok ogak normal,” Darsih malangkerik kambi mandeng tajem.

Krungu rame rame, tangga kanan kering mara. Ngrubung sing lagek tukar padu. Rata rata ngluputake Karsun. Mesakne Marpuah sing yatim piatu.

“Lik Karsun, pean sing luput. Weruh cah cilik tangga dhewe kok ditangani.” Siti kidul omah nylethuk.

“Wong kok gak nduwe reasa welas asih. Gak mesakne. Tegel men ngeplaki cah yatim piatu” Azizah lor omah mimbuhi.

“Obong ae omahe!” Yatemin  tangga mburi omah, sing watak brabgasan mbengok.

“Ya, ayoooo!?” swara liyane mbata rubuh, nedya ngobong omahe Karsun.

Rame ramne saknalika leren. Ndadak kamituwa Margono teka. Misah sing padha tukar padu. Nggusah sing ngebyuk sakupenge omahe Karsun. Sakjane wong-wong kuwi ngesuk nolak buyaran. Ape menehi pelajaran Karsun sing pancen ora akur tangga. Cuek ora peduli lingkungan. Ego nggae enake dhewe.

Ning krana pandhesege kamituwa, siji mbaka siji wiwit mundur. Buyar ambyar sowang-sowang. Padha mulih menyang omahe dhewe-dhewe. Nggawa ulat peteng. Ngedumel misuh-misuh tangga nunggal RT kuwi.

Karsun sing kamiweden gelis ngilang. Semparet mlebu omah. Kambi nguwasi kasun Margono sing ngadeg ngejejer ngarep pager. Saka panyawange kamituwa sing merbawani kuwi, katon murina. Sing disawang klincutan nginggati. Ndhelik njero ngomah ngumpul anak bojo. Isih jirih pengamuke para tangga teparo sing arep anarkhis. Atine kuwatir, ketir-ketir.

Sesuke pedagang pasar Borno uga ora nrimake. Eneng cah yatim piatu ditangani Karsun. Rata rata ngluputake. “Wong tuwa kok gampang mulasara bocah yatim sing kudune melu ngopeni. Lakar barang sing dicolong ya barang pengaji murah. Ora gasi nyeket ewu.” Batine wong-wong pasar.

“Lik! pean cengkiling tenan. Cah wadon cilik kok dikeplaki. Ndolim ngono kuwi?!” Izzuddin pedagang ngarep bedhag cluluk.

“Pengaji pira ta, Kang? Kok cah wadon durung dhiwasa kok jambaki!?” Patimah pedagang asesoris sakelore  maido.

Dikrubung kanca nunggal profesi, Karsun blangkemen. Ogak kuwawa wangsulan nganggo ukara. Mung ngejejer nyawang wong-wong ing ngarepe siji mbaka siji. Sanggarunggi arep nggagapi. Samar yen ora mung diundamana, ning wedi ditangani sacara phisik.

“Pean ngutang barangku gunggung puluhan juta gung nyaur. Ditageh bolak balik gur nyaur abab. Ngunu kuwi ngalahne wong nyopet. Ngutil gedhen!?” Slamet bakul sarung kidul bedhag nylathu.

Umyeg rame wong njero pasar saur manuk. Nylathu Karsun sak enake wudele. Kanggo wong-wong kuwi kedadeyan ngutil kuwi dianggep nemok kesempatan. Ngundamana Karsun sing seneng ngutang nanging owel nyaur. Pepuntone wong-wong kuwi tanpa sungkan ngadili Karsun genti-genten. Mumpung akeh kanca nunggal panyendhu. Nguntabake rasa gething saksuwene iki sing durung kongsi kewetu.

Mulih ngomah Karsun ora segu ora watuk. Praupane suntrut. Nanging ngempet rasa gething. Luwak mangan tales. Awak lagek apes. Durung kober ngaso wis ditarap karo bojone.

“Pean ki ya ngono kok Pak, Seneng nggawe perkara!? sisihane aran Anik nyawat ukara.

“Iki perkara apa, Bune?!” mojar karo mripat abang.

“Ya perkara cah yatim sing kok keplaki tengah pasar kae, Pak?!” tumanduke sing wadon ora kalah galak.

“Cilik wis wani colong jupuk kudune ya diwenehi pelajaran,” bantahe ngengkeng.

“Ning carane ora ngono,Pak?! Dielingake dhisik sak klimah rong klimah. Ogak ujug-ujug dipilara!” tumanggape sing wadon kanthi panyawang tajem.

“Ya, Bune. Kabeh salah blegne aku. Kaya wong-wong pasar kae. Rukunan ngluputake aku. Ora eneng sing mbelani blass,” panguwuhe anyel.

“Lha, pancen tumindak luput kok njaluk dibelani?” tandhese sing wadon sora.

Embuh sing kaping pira Karsun kepojok pamaido ngenani kekerasan marang cah yatim kuwi. Kabeh alesane dimentahne wong. Ora ana tembung sing bisa kanggo mbenerake tumintak kasar mau. Angger kepethuk nguwong ing maneka panggonan krungu panyaruwe. Akeh panduwa maneka warna enere. Klebu nalika dheweke marung sarapan njero pasar.

“Bocah cilik colong jupuk, wajibe dielingake. Dituturi amrihe bisa paham yen sing ditindakake kuwi luput” semantane Sardi sing marung nunggal lungguh.

“Wong sing ngutil gedhen-gedhenan wae dhuwit negara mung diukum entheng. Malah koruptor trilyunan repis  akeh sing lolos saka jiret ukuman. Mari nyolong dhuwit negara malah diangkat dadi pejabat. Ora sithik sing mancung melu kontestasi anggota de-pe-er ya aman-aman wae” Karsun nyoba njawali wani.

“Aja main hakim karepmu dhewe. Iki negara hukum. Kabeh masalah ana aturane” panduwane Masirun karo nyendhok sega lodheh.

Karsun mlengeh. Menjeb. Nedya nduwa omongane wong-wong kuwi. Kaya-kaya wong tatat aturan kabeh. “Mandar wong penggedhe kae padha dolanan undang-undang. Konstitusi dipretheli kanggo kepentingan pribadhi. Ukuman mung landhep mengisor, nanging papak mendhuwur” ngono batine Karsun datan nrimakake.

“Ngomonga Kar, aja njegidheg ae” Panyentake Marno melu-melu.

Karsun keweden. Ora ngomong sakkecapa. Wedi nek nggarai wong-wong kuwi padha muntap kanepsone. Malah wong-wong padha antuk kalodhangan. Ngungkrah ungkrah kesalahane. Ngulik utange pathing tlecek sing durung bisa mbayar. Genah, ngrasa wirang. Diler alane ing tengah pasar.

“Wis ngene wae, nek ra isa nyaur utang barang dagangan, ayo dha dilapurake nyang berwajib” pangancame Sardi sereng.

“Sik ta kang, aku semaya ndhisik. Tak golek ingeran dhuwit kanggo nyaur. Ora-ora nek tak blarut” semantane jirih.

“Nyatane yahmana-yahmene ngutang mung dibayar semaya. Mung alesan sakandhug ra eneng bukti nyatane” mbledig panyendhu.

“Kuwi ya merga gak eneng sing digae nyaur,” pisambate memelas.

“Dagangan sak mono akehe kok ngomong ra ana sing digae nyaur?!” pamunggele Marno sigrak.

Malah tansaya ngambra-ambra pecalethon esuk kuwi. Sekawit mung perkara bocah ngutil. Banjur nganti masalah utang piutang sing sasuwene iki durung disaur. Pancen Karsun tipe wong seneng utang wegah nyaur. Owel ngeculne dhuwit yen wus kadhung digegem.

“Ngalah ngalahna utange negara ae. Angger butuh langsung utang. Mblanjakke dhuwit hambur-hamburan saenake wudele” clathune sing antri diladeni.

“Awak ndhewe sing diutangi wae malah urip ngirit sapol-pole. Sing ngutang ayem wae” grenenge wong marung.

“Iki mung ulah nggembuk” kandhane wong-wong liyane sing nembe nyarap sega lodheh.

“Kaya para pejabat nggarong dhuwite rakyat” pandumuke bakul sega melu komentar.

Karsun keri kupinge. Ngrungu tembung-tembung sing pathing cruwet. Panuding maneka macem. Pangundamana sing gawe atine lara. Wong sak pasar kaya ngebyuk ngruyuk dheweke. Gara-gara mulasara bocah cilik, uripe kaya ora ana benere.

Sing gawe rasa sumelang. Yen kongsi ana sing kober lapor polisi, bakal cilaka. Ora wurung nemu bilahi. Temenan, sorene ana polisi teka. Dheweke dicidhuk mlebu mobil kepolisian. Di glandhang menyang kantor diinterogasi.

Laporan ora mung trima siji loro. masalah kekerasan anak. Ditarap suwe lan wola wali. Kena pasal penganiayaan, lan kekerasan marang bocah. Ngalamat ukumane dawa jroning penjara.

Ana maneh laporan penggelapan lan penipuan. Wong-wong sing sasuwene iki diutangi lan nyaure mung disemayani. Padha rame-rame lapor. Mumpung kasuse viral. Nganti komisi perlindungan anak dan perempuan, melu turba nyelidiki.

Dhuhkitane Karsun jebul ora mung semono. Dina candhake kahanan pasar rame. Bedhag lan dagangane dijarah wong. Mligine sing diutangi suwe durung disauri. Bedhag papan dodolan diobrak abrik. Barang dagangan dijarah. Sakkecandhake dijupuki.Nganti gusis kothong mlompong.

Cuthel 

___________

Nono Warnono (Suwarno), Ketua Paguyuban Sastra Jawa Bojonegoro (PSJB) 

Tags: BojonegoroanCrita Cekak JonegoroanJawaNono WarnonoSastra Jawa
Previous Post

Cerita Rakyat Punden Mbah Gimbal, Tokoh Penyebar Islam di Bringan-Gayam

Next Post

Cerita Fatkul Ilma Pemuda Bertani dan Semangat Memberi Manfaat 

Tinggalkan Balasan Batalkan balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

DOWNLOAD BULETIN MASTUMAPEL

KONTEN POPULER

Cara Mahasiswa PAI Unugiri Merawat Kearifan Lokal Bojonegoro, Lahirkan 5 Buku Antologi

Cara Mahasiswa PAI Unugiri Merawat Kearifan Lokal Bojonegoro, Lahirkan 5 Buku Antologi

13/05/2026
Aliansi Buruh Bojonegoro Bersatu Turun Jalan, Suarakan 17 Tuntutan di Hari Buruh Sedunia 2026

Aliansi Buruh Bojonegoro Bersatu Turun Jalan, Suarakan 17 Tuntutan di Hari Buruh Sedunia 2026

02/05/2026
Merawat Kemandirian Pangan Lokal Bojonegoro

Merawat Kemandirian Pangan Lokal Bojonegoro

21/04/2026
Garis Batas: Perjalanan Menyingkap Makna Kehidupan

Garis Batas: Perjalanan Menyingkap Makna Kehidupan

16/04/2026
Peringati WPFD 2026, AJI Bojonegoro Gelar Diskusi Merawat Kemerdekaan Pers untuk Publik

Peringati WPFD 2026, AJI Bojonegoro Gelar Diskusi Merawat Kemerdekaan Pers untuk Publik

04/05/2026

4 Tips Produktif Menulis Ala JFX Hoery, Sang Maestro Sastra Jawa Bojonegoro

29/04/2026

Mastumapel.com adalah situs berita online yang menyajikan karya jurnalistik dan fokus pada sejarah, seni, budaya, ekonomi, serta sisi-sisi kehidupan masyarakat Bojonegoro.
Alamat email: [email protected]

© 2023 mastumapel.com

  • Tentang & Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Kirim Konten
No Result
View All Result
  • Home
  • Bisnis
  • Destinasi
  • Mitos & Sejarah
  • Pendidikan
  • Sastra
  • Sosok
  • Crita

© 2023