Pangibadah umat Islam ing Indonesia, mligine ing Tanah Jawa ora uwal saka maneka tradhisi. Tuladhane ibadah pasa utawa siyam ing sasi Ramadhan kang banget ngandhut kapitayan bebrayan Jawi turun-tumurun.
Kanyatan kasebut lumrah, lakar mlebune Islam ing Tanah Jawa dening para Waliullah ora uwal saka modhel dhakwahe sing mumpangatake tradhisi kebiasaan sing ana minangka sranane (media). Cara ngene iki bisa efektif jalaran ora ngowahi adat budaya lan tradhisi kang ana sacara frontal.
Kaya kang wus umum dikawuningani dening masyarakat, ana ritual mirunggan (khusus) kanggo mapag malem sanga ing sasi Ramadhan. Ritual iki mengku makna religius yaiku mapag (menyambut) malem sanga kanthi nyumet (menyalakan) oncor utawa colok kanggo mapag arwah para leluhur kang padha mulih ing omahe sowang-sowang. Dipitayani yen ing wektu ngancik malem sanga utawa dina kang kaping 28 nyandhak 29 mau para arwah padha bali mulih methuk para kulawarga ahli warise.
Oncor utawa colok wujud obor kang digawe saka pucukan pring kang dikethok-kethok saukuran setengah nganti sameter mau diisi lenga patra njur duwenehi sumpel gombal amoh kadidene srana nyumet geni.
Colok sing wis disumet njur dipasang pathing klencar ing sakubenging omah, mligie ing dalan-dalan kang sekirane arep diliwati para arwah leluhur sing padha mulih.
Wektu nyumet lan nancepake colok ing papan kang wus ditemtokake kasebut milih wektu dhungkap maghrib. Sangat candhikala kang dipitayani gumantine dewa kang nyangga bumi langit ing wayah awan marang dewa kang tugas jejibahan ing wanci ratri. Ya ing sangat kuwi diyakini bebrayan Jawi, yen arwah-arwah ing alam kubur padha mulih ing ngalam ndonya methuk sanak kadang kang mbiyene nate urip bebarengan.
Penulis isih kelingan jaman taun pitungpuluhan, nalika iku saumuran sekolah dasar. Manjing maghrib malem sanga ing wektu pasa sasi Ramadhan, melu ngadani upacara rituak nyumet oncor. Rame-rane bebarengan kanca sabarakan nyambut tekane malem sanga. Kepara sadurunge tekane dina mau, wis siap-siap gawe oncor kang diisi lenga patra.
Ing kene ana piwulang (edukasi) yen kita kudu kurmat marang para sesepuh (simbah, buyut, canggah, wareng, udheg-udheg, tumekeng gantung siwur), nadyan wus urip ing alam kelanggengan. Uga dadi pepeling yen manungsa ora mung urip ing ngalam ndonya, nanging uga bakal tumuju marang Pangerane ing alan kelanggengan (akherat). Pepuntone, manungsa nglenggana (sadar) minanangka kawula kudu pitaya marang Maha Bendara.
Mula sayektine tradhisi mau becik dileluri minangka srana kanggo nandur (internalisasi) nilai-nilai tradhisi kang adiluhung.
Emane tradhisi kang ngandhut swasana religius mau saiki wis arang ana. Kita isih bisa mrangguli mung mligi kulawarga kang puguh ngrungkebi tradhisi Jawi kang dirasuk wiwit kawuri. Uga isih ana ing komunitas-komunitas tartamtu kang ajeg ngleluri warisan aji para leluhur kasebut. Warisan aji wujud tradhisi kang ngandhut nilai-nilai luhur menggah bebrayan kang ngluhurake kabudayan lan kapitayan. Kabudayan kadidene asile kristalisasi budi lan daya saking para nimpuna, wondene kapitayan mengku ancas ngumawula mring Gusti Kang Maha Kawasa.









